Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA NUHONI JANJI



NAMA : DISTIA RISTIANI
NO.ABSEN : 09
KELAS : XII-IPS 3


NUHONI JANJI
Dening : SUKMA SATRIANI RIHADINI PUTRI

BABAK 1
Setaun kepungkur warga Desa Ngiliran sing budhal menyang sawah nemokake jisime parman gantung in pangewit pelem.
WARGA DESA       : “tik, iki jisime parman. Ditemokake warga nggantung ing pangawit pelem.”
TUTIK                     : “apa? Kangmas parman.. hu..huu..huu..” (tutik langsung semaput nang enggon).
Sawengi parman ora mulih. Tutik ora duwe rasa cubriya babar pisan, merga sadurunge luna pamit yen arep nyambangi adhine sing lara in rumah sakit niras tugur melekan.
BABAK 2
Setaun sawise kematian e parman
TUTIK                     : “kangmas, dina iki jangkep setaun anggonmu ninggalake jiwa lan ragaku. Tega temen sampeyan mas. Kena apa kowe ngendhat.. hu..huu..hu.. kangmas sadurunge ngomong yen arep nyambangi adhimu nang rumah sakit, tapi nang opo kangmas malah ngendhat, apa kangmas isin lan jibe sawise kena PHK? Hu..huu..huu..!”
BABAK 3
Sawise ditinggal parman tutik senengane ngguyu-ngguyu dewe. Malem jemuah kliwon setaun saka tiwas e parman bengi-bengi tutik bukak lawang banjur ngomong dewe.
TUTIK                     : “kangmas parman.” (tutik mlampah metu, mlaku alon-alon tumuju wit pelem panggon parman gantung dhiri biyen)
BUDI                       : “tik, elinga nduk! Kowe arep menyang ngendi, nduk? Aja gawe khawatir kangmasmu iki tik!”
Tutik ngibrit menyang wit pelem, dumadakan tutik nggeblak semaput.
BUDI                       : “tutik.... oalah nduk, kok kaningaya temen nasibmu.” (banjur ngelus-elus tutik adhine)
BABAK 4
 Esuke tutik wiwit pungun-pungun eling. Gumregah saka peturon cahyane randha kembang iku katon seger. Ora mantra-mantra yen mau bengi mentas nadhang kanin.
IBU                          : “Nduk, kowe mau bengi kena apa? Kok kaya wong nlindur, caturan dewe banjur mlaku menyang panggone nak parman nganyut tuwuh.”
TUTIK                     : “Bu, wau dalu mas parman wangsul. Ngendikanipun pasuryan kulo mundhak ayu, awak kulo tambah semog. Kulo rak nggih lingsem ta, Bu.”
IBU                          : “Ya Allah gusti .. nduk elinga, bojo mu wis ora ana, wis ora bisa mulih maneh!”
TUTIK                     : “Kok mboten saged wangsul pripun ta Bu? Mas Parman wau dalu saestu wangsul kok. Ibu mawon sing mboten pirsa. Lha wong lajeng ngejak kulo mlampah-mlampah ningali griyanipun ingkang  enggal. Griyanipun sae lho bu. Mas Parman ngendhikan badhe ngejak kulo boyongan dhateng mriku. Kulo remen sanget menawi saget ngenggeni griya niku kalih Mas Parman. Mbenjing malem jemuah kliwon Mas Parman badhe tindhak mriki malih mapag kulo.”
Ibu ne tutik kaget, awake sakala anyep njejet. Bojone diceluki.
IBU                          : “Pakne, anakmu iki piye pak? Kok saya nggladrah rembuge.”
BAPAK                    : “Geniya ta bu? Anakmu ana apa?”
IBU                          : “Anakmu pak, anakmu crita yen wingi Parman muleh lan ngejak dheweke melu menyang omahe sing anyar. Iki piye ta pak, kok dadi kaya ngene.. huhuhu...!”
BABAK 5
Kanggo ngawekeni murih lara owahe Tutik ora sangsaya nemen, Bapak lan ibune tutik banjur ngelar ruwatan tolak balak. Sawise iku tutik kaya-kaya pulih normal. Nanging ra let suwi tutik kumat maneh.
TUTIK                     : “Mas Parman, kowe arep menyang ngendi? Kowe rak wes janji ngajak aku boyongan menyang omah anyar. Saiki kowe malah mblenjani, kowe ana endi mas?”
ARWAH PARMAN : “Tutik aku ora mblenjani janji, cah ayu aku tekan maneh saperlu mapag sliramu. Sebab nalika awake dhewe nikah biyen kae aku prasetya bakal bareng selawase karo kowe. Ing ngendi wae papan ku kowe bakal dakajak.”
TUTIK                     : “Iya mas, aku gelem. Aku emoh adoh saka kowe, Mas. Ayo tumuli budhal menyang omahmu sing anyar.”
ARWAH PARMAN : “Ayo cah ayu, aja kesuwen. Gandhengen tanganku iki.
Ing sanjabane kamar bapak lan ibune tutik kowaran was krungu caturan e tutik.”
IBU                          : “Pak, lawang e kamar didobrak wae.”
BAPAK                    :” Iyo bu.”
Sawise didobrak kamar e wis suwung tutik wis ora ana. Bapak, ibu lan budi mblayu ing wit pelem panggone parman ngendhat.
BAPAK lan IBU     : “Tutik...”  (mbengok  kaliyan nangis nggeru-nggeru)
Nanging wis kasep, parman kasil ngejak tutik ing ngalam lelembut. Tutik wis ngendhat, ilate tutik wis melet, mripate mendolo lan saka irunge ana getih ndlewer. Semono uga tutik, dheweke uga wis nuhoni janjine marang parman bakal melu menyang ngendhi wae lungane sing lanang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar