Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA TANGGA ANYAR



Judul : Tangga Anyar
Nama Penulis : Aji Dewanto
Nama : Agustin Dwi Rahayu
Kelas : XII IPS-3
No.Absen : 03

Tangga anyar
(Omah suwung ana ngarep kostane aji bakal ana seng ngenggoni wis pirang – pirang dina iki ana pick up kang ngusungi prabotan omah)
Adit  : Apa arep ana seng ngenggoni to ji ?
Aji  :Katone iyo
(Ing pekarangan ngarep aji nyinggrek kates bres)
Aji : Aduh, jibrat kabeh gegerku keceblokan kates
Elis : Wah sakit mboten mas?
Aji : Mboten nanging nggeh niki dados reged sedoyo(karo nyepot kaos e)
Elis : Eh mas e kok malah nyepot kaos e!!! Porno lho mas
(Awit kedadean kuwi aji karo tangga anyare sansoyo akrab. Tangga anyare aji kuwi ana loro yaiku elis karo aning)
Elis : Mas aji sliramu kuwi kuliyah kok katone kepenak wae, mangkat awan muleh bengi, sesuk e maneh ora mlebu opo ora didukani pak dhosen?
Aji : Aku saktemene wes ora kuliyah, iki mung kari ngrampung ake revisi skripsi mulane yen katone santai wae. Lha mbak elis wes rampung kuliyah ya?
Elis : (meneng ora wangsulan)
Aji : Pih rasane sedino wae ora ktemu elis rasnae koyok ngene (ngomong dhewe)
Adit : Ji kowe mau di goleki !
Aji : Sapa?
 Adit : Tanggane awakedhewe seng anyar
Aji : Elis opo aning ?
Adit : Sing rambut e dhawa kuei sapa?
Aji : Elis?
Adit : iyo
Aji : La ngapa?
Adit : Ana sing dititipake tak cantholake ing grendhel kamarmu.
(Teko kost kostan aji mbukak lawang bareng mlebu kamar ono kresek jambon seng isine donat cacahe 3)
Aji : (mbukak kresek lan ana tulisane yen ra seneng keno dibalek ake) aku ora waras yen aku ora seneng donat
(Ora watara suwe ana seng teko)
Adit : Wis wis  masak aku namung di wenehi siji !
Aji : Kudune kowe matur nuwun isih tak wenehi siji
Adit : Kudune kowe sing matur nuwun
Aji : Sek aku tak sms elis
(Ora nganti setengah jam elis telpun)
Elis : Kurang opo mas ?
Aji : Kurang akeh
Elis : Mas aji seneng donat?
Aji : Seneng mergakne ora tuku
(Ora watara suwe rembugane telpun rampung .sesuke aji nginceng tangga anyare kang lagi resik- resik)
Adit : Hayo lagi ngapa ?
Aji: Heh nggawe kaget wae
Adit : Aku nggumun karo kowe
Aji : Nggumun kepriye?
Adit : Sasuwene iki awakmu ora tau tertarik marang wong wadon blas lha kok iki kowe merhatekne tangga anyare dhewe
Aji : Pranyata sasuwene iki awakmu nggatekake aku maturnuwun
Adit : Ati- ati ojo grusa-grusu yen nyedak i wong wadon
(Mari rong ndino ujug ujug adit teko)
Adit : Wis nek mu nyedhaki elis pungkasana
Aji : Enek opo?
Adit : Sawangen kae bojone elis ngamuk-ngamuk neng ngarep omah e elis amarga selingkuh
(Sawise lerem tibane elis lan aning nduweni loro kajiwan aning snajan wanita nduweni senengan ning wanita)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar