Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA KATRESNAN SEJATI ORA TEKO BOLA BALI

NAMA        : LAILI NUR UMARAH
KELAS       : XII-IPS 3
NO.ABSEN : 17


KATRESNAN SEJATI ORA TEKO BOLA-BALI
Dening : Titiek WS

Babak 1

Ana pamuda loro sing pada mendem rasa katresnan. Nanging rasa kuwi kudu dipisahake amerga bedhe ne nganggep e yen isih misanan.
Pramono     :"Dik santi kapan teka mu...? Aku kok ora dikabari yen sliramu arep teka...?" pitakon e  mas pramono
Santi           :"Lagi wae kok mas... Kira-kira sakjam kepungkur. "
Pramono     :"Apa karo garwa mu?ndi aku pengen kenalan. Pas sliramu dadi manten kae aku ora bisa jagong, amarga tugas nyang luar jawa." mas pram golek i bojo ku "la endi?" takon bali marang aku.
Santi           :"Sapa ta mas sing panjenengan golek i? La wong aku teka ijen kok...!" kanda ku
Pramono     :"kok ngono? Apa garwamu sibuk, nganti ora bisa ngeterake sliramu rene...!"
Santi           :"Ya ora sibuk... Nanging ora ana...!"
Pramono     :"Ora ana piye...?"
Santi           :"Ora ana wektu kanggo aku..."wangsulanku rada cuwa
Pramono     :"Ah kok ana-ana wae... Gek kaya apa ta gawean ne iku... Nganti tega nguciwakake adhik ku sing ayu dewe ngene iki...!" kandhane banter
Santi           :"Apa aku ayu tenan ta mas?"
Pramono     :"La iya ta... Mosok yen ora, aku nganti kayugyun nanging tresnaku ara nate intuk ati"

(Mak pleng rasaning ati ku, laraaa... Banget)

Santi           :"Mas ora usah nggoda aku kaya ngono.njenengan kuwi ya ana-ana wae. Aku mundak tersanjung lho meng...!" aku ngguyoni

Banjur aku kelingan marang ngendikane budhe lan ibuku biyen budhe nate ngendika yen mas pramono iku kangmas ku dhewe, dadi aku ora oleh tresna marang mas pram. Lan ibu ya nate matur aku diutus golek pacar liya brn panggalih e budhe ayem. 

(Wingenane aku pamit marang bojo ku yen arep tilik)

Santi             :"Mas, aku arep tilik wong tuwaku ya...!" aku pamit bojo ku
Bojone santi :"Ya wis... ning aku ora bisa ngeterake... "Bojo ku pancen sabar sing saktenan e
Banjur aku budhal dewe. 

(Aku nglanjutake pambicaraanku marang mas pramono)

Santi            :"Mas pram, piye yen mengko bengi aku panjenengan terake mlaku-mlaku...? Wis kangen kutha iki... Wis suwe ora mulih... Ning yen ora ana sing cemburu lho...!"
Pramono      :"Aja aneh-aneh dik... Sing cemburu durung lair, dadi tenang wae..."
Santi            :"kok iso durung lair ta mas...? "
Pramono      :"Lha iya ta... Wong tresna sejati ngunu ara teka bola-bali"
Atiku mak tratap. Aku meneng ethok-ethok ora krungu wae
 
Babak 2

Banjur bengi iku aku lan mas pram mlaku-mlaku. Kemput ngubengi kutha, nekani panggonan sing biyen nate dadi panggonan dolan. 

(Banjur aku bukak pambicara)

Santi        :"Mas, sejatine aku arep crita yen sejatine atiku iki ya lara., lara banget lho mas..!"
Pramono :"Lara piye dik? Apa garwamu nglarani ati mu... "Mas pram takon sajak kaget.
Santi        :"Dudu... Dudu kuwi mas, aku ya ngrasakke kaya panjenengan rasakke. Nanging kabeh kudu dak selaki..., kudu dak buang adoh senajan angel... Amarga aku pingin ngajeni panggalih e budhe...! "
Pramono   :"Apa iya dhik...? Apa iya ngono? Dadi sak suwene iki kabeh dadi misteri..., dadi sandiwara?"
Santi         : "Tenan mas... Kabeh iki aja nganti ana sing mangerteni. Aku lan panjengena wis dewasa. Kudhu bisa milih-milih endi sing pantes lan endi sing ora pantes. Cukup awak e dewe wae sing ngerti. Gusti Allah ora sare kok, muga-muga tansah paring pepadhang marang awak e dewe. Aku lega amarga panjengan wis ngerti isi ning ati ku sing sak tenan e... Dafi aja nganggep mung panjenengan dhewe sing lara. Nanging ayo lara iki kita dadek ke pamecut kanggo ngadeg luwih jejeg, mlaku luwih banter lan nglairake kayresnan anyar, senajan mung dilambari welas asih marang liya ne... " banjur tangisku ora kena tak empet
 
(Mas pram mung isa meneng lan mlongo). 

Santi  :     banjur tak teroske anggonku matur "Tenan ya mas... Aku nyuwun nganti banget, ayo nyawang ngarep... Anggrp en aku adhikmu tenan senajan getih kita ora padha. Golekna aku mbak yu kang bisa dak dadek ake pelabuhanku, aku arep nitipake panjenengan... Kangmasku, supaya di tresnani kaya aku dhine kang nresnani panjenengan."

Ya wis mung kuwi sing bisa dak aturake. Ati ku wis plong lan raso ku wes lega. Ya iki sing dak pingini nutup crita lawas lan bukak lakon anyar.
            Crita ku marang mas pramono banjur wis bar lan sesuk e aku bali..., bali marang bojo ku priya kang kudu tak tresnani, senajan mung lelambaran welas asih. Amarga katresnan sejati pancen ara teka bola-bali.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar