Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA MISTERI KEDHUNG SINGKAL



Nama               : Dona primavera
Kelas               : XII IPS 3
No. Absen       : 10

Misteri Kedhung Singkal
 (Dening Sri Adi Harjono)
Majalah Panyebar Semangat No.3-20 Januari 2018

1. Tema            : Misteri
2. Tokoh          : Karmijan,Saimit,Mbah Jengghot,Mbah Jintheg,lan Mbah Sinarpati
3. Watak          :  1. Karmijan           : Setia Kawan
                           2. Saimit                : Setia Kawan
                           3. Mbah Jengghot : Apik
                           4. Mbah Jintheng : Apik
                           5. Mbah Sinarpati : Sabar
4. Latar:
1. Papan Panggonan           : Omah , Emper Omah, Kedhung Godo,
2. Wektu                             : Bengi , Isuk
3. Swasana                         : Angker,Tegang
5. Alur                                     : Maju.
6. Gaya bahasa                        :  Ngoko lugu lan Krama alus .
7. Sudut pandang                    : wong katelu serba ngerti                     
8. Amanat                               : Ojo nyepelekake kapercayaan masyarakat .

BABAK I

Wayah bakda ngisak , saimit teka neng omahe karmijan. Isih kambi nyedhekake sepedha ing cagak emper dheweke wis undang-undang sing duwe omah .  kabener wektu iku karmijan lagi enak-enak teturan ing bangku karo nglaras wirama gendhing-gendhing palaran saka radhio .

Saimit         : “ Wah kok lehe ayem . lagi yah mene wis teturon karo ngematake gendhing-gendhing palaran garapan condhong Raose Ki Narto Sabdo , mumpung padhang bulan,ayo dhanjalo ae “ !
Karmijan   : “ Ora ngerti petung , kowe iki ! iki mau rak naas sasi Tali Wangke . Wong iki dina jumuwah wage sasi apit “

Saimit         : “ Walah , nek nggatekne petungan , menungsa ora kober ngrembyah . sing ika sing iki ! hayo nek ana wong kacilakan megap-megap mangka kebener dina naas , apa kudu ngenteni dina sesuke lagi entuk digawa nyang rumah sakit ? mengka lak malah kedlarung mati no!”

( karmijan njegreg ) Saimit mbacutake omong ,

Saimit          : “petung ya petung , jan . ning kudu pilah , nek kanggo wong duwe gawe mantu,sunatan,tingkeban,ngedekake omah utawa nenandur ya samesthine nek nggango petung . ning umpama nyambut gawe  kanggo butuh urip padinan, petunge ya angger awak waras . kejaba saka kuwi nek kanggo bab- bab sing sipate dharurat .
Karmijan      : “Njur nyan endi lehe njala ? “
Saimit           : “Neng kedhung Singkal , Kidul Umbul Tambar , Godo . Iwake kutuk salengen-lengen lan wader cathule gedhe-gedhe”.

BABAK II

Banjur Saimit ngyakinake karmijan , wong loro iku banjur budhal njala menyang  kedhung Singkal , Kidul Umbul Tambar , Godo . wong loro iku menyang kedhung singkal numpak sepedha ontel .

Karmijan       : “ Wah , apa merga naas sasi Tali Wangke ya , kok jalaku ora tau naggori iwak ? . Wong Saimit ki sok pinter,mula nggugu omongane ya ngene iki akibate . Sinyal !”

( Gandheng olehe ngebyukake jala bola-bali ora tau nanggor iwak . mula Karmijan terus nurut kali mengidul . Menawa diurut , uluane  kali kasebut ana dhaerah sentono sawetane selowire . ujar ing kandha jare alas saurute kali kuwi gawat kaliwat-liwat , banjur karmijan ngejak bali )

Karmijan         : “ Bali wae , ra sah mbacut !”

( Karmijn kaget lan awake dadi ngoplok amerga sentere ora urip lan Karmjan di petuki wong loro tuwa,ngliga, nanggo bebet lan sampiran  kain wedelan . sing siji jenggote dawa nganti tekan dhadha , banjur Saimit nyelok ).

Saimit                 : “ Juaaan............,Karmijan ! jalaku entok iwak akeh gedhi-gedhi . Gi lho ,   aku ra kuwat narik . Mreneya , aku ndang gage diewangi”.

Wong Tuwa  Loro : “ Nek anut kancamu nganti ambyur Kedhung Singkal , kowe akal dadi abdine para sentana ing Kraton Gunung Sedhaku . Murih cethabe kowe takon marang wong lanang nginang ing Desa Godo . Wis kana bali wae !” .

( Banjur wong tuwa loro ngomongi Karmijan , wong tuwa loro kasebut nuli plas ilang kaya kasepu  angin . bar diomongi wong loro kasebut karmijan banjur golek i saimit )

Karmijan         :“Ra sah ngopeni jala , ayo ndang bali ! “
Saimit              : “ Lho , mumpung lehku njala ketrima kok malah ngajak bali . Aku wis entuk kutuk salengen-lengen wolu lan wader cathul setengah  kepis! . Iki genah iwak gedhe-gedhe tur akeh . Mula abote ora mekakat ! ayo,kene ndang ewangi !”
Karmijan         : Aiis, Ewangi ewangi gundhulmu kono ! He jalamu tinggalen lan kepismu buwaken ae neng Kedhung kono . Ayo bali!”

BABAK III

Ing dina candhake ,Karmijan lan Saimit ngelengake nggoleki wong lanag nginang ing Desa Godo . Pranyata piyayi kuwi mbah Sarpani .

Karmijan lan Saimit  : “Asssalamu’alaikum wr.wb mbah ?”
Mbah Sarpani           : “ Wa’alaiumusalam wr.wb . Ana apa ya le ?”
Karmijan                  : “Mbah kula badhe tangklet critane Kedhung Singkal , kok bisa Kedhung kasebut dados gawat “
Mbah  Sarpani          : “ Ngene lho critane , ing jaman ja majujane , ana bocah plumbungan buruh angon kebo ing Godo . Breng tutug anggone ngawula , bocah angon mau entuk opah gudel ln pari rong gedheng . Kocap , sadurunge digawa bali menyang plumbungan Sangkal . Ana dene pari lan kimpulan sandhangane diseleh ing saelore Kedhung . Satemene bocah angon kasebut wis dielingake Mbah Jenggot lan Mbah Jintheng supaya ora ngguyang gudel ing Kedhung Singkal konon, awit dina kuwi para sentana Kraton Gunung Sedhaku lagi disebar golek abdi ing saurute kali kidul Godo, Nanging bocah angon mau mbregundung .Wekasane bocah angon iku banjur kalap sagudele,dadi abdi ing Karatonsiluman Gunung Sedhaku kag saikine arah-arahe dmunung ing laladan Sentono sawetane Selowiro .
Saimit                       : “gara-gara bocah angon mau malih papan panggonan Kedhung Godo dados gawat mbah ?”
Mbah Sarnapati        : “ Iya , merga bocah angon lan gudele kalap , mula papan panggonan kanggo nyeleh pari lan kimpulan sandhangane iku banjur di kramatake dening wong akeh . Kang wusanane terus karan “Pundhen Kramat” .
Karmijan                  : “Ooo......ngonten ta Mbah critane , dadose niku mboten makame sinten-sinten?”
Mbah Sarnapati        : “Iya le” .
Saimit lan Karmijan : “Matur suwun Mbah sampun di critani “
Mbah Sarnapati        : “ iya le”

Sakwisi dicritani karo Mbah Sinarpati Karmijan lan Saimit banjur bali . TAMAT .
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar