Rabu, 31 Januari 2018

DIALOG CERKAK KEMBAN SEPASANG



NAMA : OKTAVIA TRI UTAMI
KELAS : XII IPS 3
NO.ABSEN : 25
KEMBAN SEPASANG
Dening : KELIEK SW
BABAK 1
                Daku jagang sepedhahku neng emper nganyelehake tas in meja belajar, banjur salin sandhangan. Saka kamar ngarep , kamarku, aku jumamgkah menyang  ruwang  tengah .Ibu sajak nggethu ngadhep meja, embuh nulis apa, nganti ora ngreken tekaku. Bapak during kondur. Diana adhiku ora katon, mesthine di emon Yu siti, dolan ngone tangga. Sepi
                Ujug-ujug aku krungu suara blag-blug. Swarane cetha banget, sumbere swara saka omah pawon. Swarane ajeg, ora seru nanging yo ora lirih. Ora cepet nanging yo ora rendhet. Aku paham . kuwi enah suara alu, alune wong ngglepung wong loro, olehe nggerjugake alu imbal-imbalan.
Bagus    :“sopo, buk? Sin ning buri kae?”
Ibu         :”cimbri karo bawuk”(ibu nyawang aku)
Bagus    :”ngopo buk?”
Ibu         :”tak kongkon ngglepung beras , nggo gawe nagasari.sesuk setaune adhikmu.”
Bagus    :”geneya ora tuku ning warung wae.”
Ibu         :”mau cimbri karo bawuk tak kongkon ngumbahi, trus nimbo, trus ngisi kolah kamar mandhi. Terus golek godhong gedhang. Saiki tak kongkon ngglepung pisang, mengko jek arep tak konggkon methiki kenikir karo kacang.”
Bagus    :”Oooo..”
Ibu         :”kowe penen maem saiki po piye?”
Bagus    :”ora buk mengko wae”
BABAK II
                Aku terus moro neng omah mburi lan aku weruh cimbri karo bawuktandang gawe. Cimpri tapihan, bawuk nganggo daster. Pas aku mecungul, swara blag blug, ora krungu sebabe sakarone lagi ngayak glepung. Wong loro kuwi raine putih kabeh, bulug glepung nganti koyo bocah cilik diwedhaki medhok medhok ngana kae.
                Batinku guyu kemekelen, nyawang wanita sakarone, ngeinake aku marang cangik karo limbuk, karo parogo emban in pewayangan. Cimbri jebles cangik, bawuk ora nyisip limbuk.
Cimbri                   :”heh le, kowe cah ngendi? ” karo nyawang  aku
Bagus                    :”aku yo cah kene wae to” wangsulanku
Cimbri                   :”anak e sopo?”
Bagus                    :”anake bu nanik.”
Cimbri                   :”mosok aku kok ora tau weruh?”
Bagus                    :”menawa sampean lali.”
Cimbri                   :”jenengmu sapa?”
Bagus                    :” bagus.”
Cimbri                   :”bagus?”
Bagus                    :”iyo”
Cimbri                   :”bagus kok elek ?”
BABAK  III
                Cimbri lan bawuk manggon omah gedhek  cilik ana kebonan mburi dhaleme bu sarimo. Wong loro kuwi saben ndinane buruh sakenchandhake, sing karep di ayahi buruh ana sawah.
Bagus    :”sakjane cimbri karo bawuk kuwi wong ngendi ta, buk ??”
Ibu         :”kowe kok takon ngunu”
Bagus    :”ya mung pengen eruh, buk. Ketoke kaya dudu wong kene.”
Ibu         :”jare asale saka paranggupito.”
Bagus    :”paranggupito ngendi ta, buk?”
Ibu         :”adoooohhhh. Tlatah pesisir kidul kana.”
Bagus    :”kok bias tekan kene?”
BABAK IV
                Cimbri lan bawuk kalis saka pegablug, selagine wong tuwane lan sedulur-sedulure ora genah kapriye nasibe, sakarone banjur lunga saparan-paran, wusana naneka ana desaku.
Ibu         :”cimbri karo bawuk ditulung bu sarimo sing asline iya saka parangupito. Maklum, bu sarimo senajan randha rak balung gajah. Terus digawekake omah gedheg cilik neng kebon mburi omah. Dadi ora magersari, ” ngendikane ibu.
Bagus    :”magersari ki opo to buk? ”
Ibu         :”magersari kuwi nyewa perkarangan saperlu didegi omah.”
Bagus    :”Oooo”
                Ngenani sejarah larang sandhang-larang pangan aku ora melu ngalami. Nalika kuwi ibuku malah iseh prawan. Nanging para sepuh ing desaku ora nate nglalekake. Aku lan kanca-kancaku ora mung pisan pindho dicritani lelakon mau.
BABAK V
Ibu cekat ceket salin ageman, banjur budhal takjiyah karo nggowo beras sapente
Seminangka. Ora let suwe ibu wes kondur lan aku nggenahake, apa bener bawuk mati ndadak .
Ibu         :”pancen dha ra genah kabeh!” ibu nggrundel sajak mangkel
Bagus    :”sapa sing ra genah”
Ibu         :”ya cimbri karo bawuk kuwi”
Bagus    :”lho, kepriye ta buk,”   
Ibu         :”bawuk dikabarake mati kuwi mung akal akalan!”
Bagus    :”akal akalan?”
Ibu         :”kentekan pangan, kentekan lenga gas, ora nyekel dhuwit. Wong loro njur kethoprakan. Bawuk reka-reka mati, dilurupi jarik. Cimbri gulung koming, lapuran lurah. Lurah nabuh kenthongan lelayu. Wong-wong padha nglayat, menehi sumbangan. Jebule bawuk waras-wiris...”
BABAK VI
Mataun-taun lelakon kuwi nabet ing atiku, wiwit aku iseh clondho nganti aku lulus sekolah, nyambut gawe lan indekos ana njaban kutha, banjur rabi lan duwe anak, mergo repot, aku arang muleh menyang wonogiri; mesthiwae aku ya ra krungu kabare cimbri lan bawuk”
Mbeneri aku duwe rejeki, aku nyelakne muleh nyambangi wong tuwaku. Bojo lan anakku dakjak pisan. Isih esuk aku sabrayat wis tekan wonogiri. Alhamdulilah, ibu lan bapak katon sehat ora kurang sawiji apa. Sorene, bubar adus, bojo lan anakku arep dakjak mlaku-mlaku ngubengi desa.
Ibu         :”arep menyang ngendi ta, gus” ibu ndangu
Bagus    :”nyang nggone yu cimbri,” wangsulanku
Ibu         :”ngapa?”
Bagus    :”aku kepingen sodakoh.”
Ibu         :”ora usah mrana.”
Bagus    :”lho, keneng apa, buk?”
Ibu         :”cimbri karo bawuk wes mati.”
Bagus    :”kapan kuwi.?”
Ibu         :”wis suwe.”
Bagus    :”mati ndadak?”
Ibu         :”ora. Lara tipes. Cimbri dhisik let rong taun bawuk nyusul.”
                Aku unjal napas. Kepriye kae aku bungah dene cimbri lan bawuk mati ora mero kaliren. Ateges wong-won desaku iseh duwe tepa slira, rukun, seneng mbiyantu wong kasrakat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar