NAMA
: SUKMA PUJI SETYANINGTYAS
KELAS : XII-IPS 3
NO.ABS. : 27
KADHO WURUNG
Dening : Ipong
BABAK
1
Dina iku Mas.Toto mampir nang omahku lan nginep
sawengi. Mula banjur ketemu karo Mbak.Dwi tepungaku mau. Olehku padha ngobrol
ora suwe,marga sakdurunge Mas.Toto teka,
aku wis nduwe niyat arep metu. Golek oleh-oleh khas Purwokerto, kripik lan
gethuk goring sukorejo menyang toko “Ny. Sutrisno”.
Nalika mlebu toko,kanthi sesidheman mas.toto
mbelesake atusan rong lembar nang tanganku , terus ngetut buri lakuku.
Aku : (ndhisiki mbayar nang kasir)
Mbak.dwi : (kipa-kipa nulak)
Mas.toto
:
“wis ta dhik, neng kene sing payu dhuwit Purwokerto. Dhuwitmu ora
payu.rak iya ta, mbak ?”
Mbak. Kasir : (ngguyu nggeleges)
BABAK 2
(Mas. Toto ngobrol kaya padatan, terus takon
alamate mbak. Dwi ).
Aku : “ Mbak. Dwi dhewe ngakune mung tamatan SMU
sing lagi golek pagaweyan, putra mbarep petani cilik saka ndesa, tur adhine
papat.” Crita marang mas. Toto .
Mas.
Toto : “Aku serius, dhik. Aku mung butuh alamate. Urusan liya-liyane risikoku
dhewe.” Kandahane cekak.
(Ning bareng alamat arep dijupuk, jebul
ketlingsut. Nganti pirang-pirang dina digoleki, tetep ora ketemu. Sing kelingan
mung jenenge kuthane yaiku Banyuwangi.)
BABAK 3
(Bareng wis wiwit nyambut gawe nang Jakarta mas.
Toto isih ajeg kerep mampir nang omahku. Bab e mbak. Dwi ora tau diuthik-uthik).
Mas. Toto : “ piye dhik” takon marang aku
Aku : “ durung mas” wangsulanku cekak.
Mas.
Toto : (mesem) “ ya wis. Yen pancen diparengake, kapan-kapan rak ketemu.”
kandhane karonepuk-ngepuk pundhakku.
Aku : (nelangsa)
(Bareng mas. Toto munggah kalungguhan lan
dipindah nang Cirebon, aku banjur arang banget ketemu mas. Toto) .
Mas.
Toto : “iki alamat kantorku” kandhane ngulungake kertas secuwil. “ aja lali ya
dhik, yen alamate wis ketemu ndang kabarana aku.” Karo mesem
BABAK 4
Wis telung dina aku nang daleme bu.lik Arti nang
Bandung. Sore kuwi aku lagi namatake tanduran anggrek sing nang jejer kamar
ngarep,nalikakeprungu unine tilpun. Tak sawang saka jabane jendela, wis
ditampani bu.lik.
Bu
lik. Arti : (awe-awe, karo tuding-tuding pesawat tilpune) “tilpune saka
Purwokerto.”
Aku : (batin) “ ana apa”
Bu
lik. Arti : (mesem) “ iki lo, den baguse arepngendika.” Ngulungake gagang
tilpun.
Sing nilpun adhiku si gendhut.
Si
gendhut : “mulihmu kapan ning terus ditututi wekas,yen bisa saenggal-enggale.”
Aku : “ ana apata le ?.”pitakonku karo batin “ apa
arep wanti-wanti aja lali mulihku nggawa dodol, peuyeum, oncom lan sawernane
panganan bandung.”
Si
gendhut : “ mbak, suk emben ualang taunmu arepkepingin oleh kadho apa ? kari
ngarani. Wis miliha !”
Aku : “ umukmu le” wangsulanku entheng.
Si gendhut : “lho tenan kuwi mbak. Wis kandha
saiki !” swarane ngoto
Aku
: “ndhut, tilpun kesuwen
ngakeh-akehi pulsa. Larang. Kowe sing arep mbayar,pa? ngobrolmu kuwi terusna
suk bae yen aku wis nang omah. Saiki enggal ngakua, karepmu apa lan sebabe apa
kowe wani-wani nantang takon kado barang! Yen ora gelem ngaku tilpun arep tak tutup,
jatahmu sasi ngarep tak pendhing.” Ndhedhes rada ngancam
(Si gendhut ngaku yen mas. Toto biyen taukandha,
alamate mbak. Dwi ketemu, aku kena jaluk apa bae, mesthi bakal dituruti. Jebul
si gendut krungu)!
Si gendhut : “ cewek e mas. Toto nang yogya.” Kandhane
Aku : “ ning piye bisane ngerti yen
mbak. Dwi nang yogya?”
Si gendhut : “ pokoke siiiiplah. Mula ndang
muliha.” Semaure ora gelem waleh
Tilpun ditutup
Aku
: (karo mapan turu) “ kaya apa mengko mas. Toto
yen tak kabari. Mendah bungahe! Wis meh patang sasi ora tau ketemu, ora
kabar ora kabur.iki mengko mesthi dadi surprise gedhe.”
(Bengi kuwi aku ngimpi, ana kanane aku nganggo
jaket jean anyar, pawewehe mas. Toto!)
BABAK 5
Wiwit isih neng terminal bus cicaheum, aku wis
ora jenak. Ora sranata kepengin daya-daya tekan ngomah. Mengko yen wes tekan,
nomer siji nginterogasi si gendhut dhisik. Bareng aku wis tekan omah tenan, si
gendhut lagi lunga. Mula sawise nyeleh gawan, aku banjur age-age adus.
Aku
: ( sabunan karo rengeng-rengeng
lagu katon- kla project: Yogyakarta).
Metu saka kamar mandi, si gendhut jebul wis
ngandhang. Janggute obah-obah mambu peuyeum.
Si
gendhut : “ piye mbak? Wis dipikir arep njaluk apa?” pitakone pe-dhe karo
cengar-cengir.
Aku : “ wis ora susah kakehan pretingsing”
wangsulanku rada sereng “ yogyane sisih ngendi? Kowe ngerti saka sapa?” karo
mentheleng
Si
gendhut : “ sabar non” semaure kalem karo rogo-rogoh sak clana, banjur
ngulungake amplop. “ ini informasi akurat, baca sendiri.”
Aku
: ( nyaut amplop)
Si
gendhut : “ tapi sebelummembaca surat, kita dengar dulu pesan yang satu ini.
Jangan lupa bagi-bagi hadiahnya. Baca bacaaaa…baca teruuuuss..” tiru-tiru eko
nang acara “koco-kocok” SCTV
Aku : (maca amplop karo dheg-dhegan)
Si gendhut : “piye mbak?”
(Si gendhut isih nguber terus karo nyamuk-nyamuk wiwitan Aku maca layange.
Aku mung mlirik sethithik, ora semaur
merga nerusake maca. Aku gemes ning kidi ngguyu mung bisa tak ampet.)
Aku : “ oalah le,le! Kaningaya temen awakmu ndhut.
ning ya timak-trimakna bae, puluh-puluh wis dadi begjane awakmu.”
(Nganggo tangan sing nyekeli laying, sirahe
adhikku tak surung nganti miring nengen.)
Aku : “ iki wacanen dhewe! Njaluk apa bae kana. Kari ngarani.
Miliha” nirokake kandhane si gendhut.
Dwine padha, ning “R” e beda. “R” e juliete mas.
Toto : Rahayu. “R” e sing kirim laying
iki Raharyanti. Ganepe dwi raharyanti, sing balesi layangku sasi kepungkur. Aku
lali blas yen mentas kirim laying mrana.
RAMPUNG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar