Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA TANGGA ANYAR



NAMA : HANNY HAMIDAH
KELAS : XII-IPS 3
NO.ABS. : 14
Tangga Anyar
Dening : Aji dewanto
Babak  1
Sawijining dina omah sing ana ngarep kost e Aji jarene bakal ana sing ngenggoni
Adit: “Apa arep anasing ngenggoni ji ?”
Aji: “katone iya”
Adit:” wis  pirang pirang  dina iki kok ana montor pick up ngusungi  prabotan omah”
Aji: “kayak e iya dit, awake dewe nduwe tangga anyar”
Adit: “iya ji, wanita loro isih enom enom, sapantaran karo awake”
Aji: “tur ayu pisan dit”
Babak 2
Sawijining esuk nalika  nembe resik resik latar, aji nyoba golek kawigaten. Nanging babar pisan ora ana respon. Mula Aji nyoba ngerok, ngoyak oyak wit kates kang ana pojok pekarangan ngarep kates sing gedhene sasirahe aji kelakon tiba, tibak e ora langsung jeblok menyang lemah , nanging mampir dhisik ing gegere aji
Elis: “wah… sakit boten mas ?”
Aji: “boten.. nanging nggih niki dados reged sedaya”
Elis: “eh… mase kok malah cucul kaos? Purno hlo mas !”
Aji: “hehe ora kok lis, mung guyonan”
Elis: “eh mas aji, sliramu kuwi kuliyahykog kayone kepenak wae. Mangkat awan, mulih wengi sesuke maneh ora mlebu, opo ora di dukani pak dhosen”
Aji: “aku satemene wis ora kuliyah, iki mung kari ngrampungake revisi skripsi, mulane ya katon santai wae. Hlo,mbak elis wis rampung kuliyah ya?”
Elis: (ora wangsulan malah mlebu omah)
BABAK 3
Sakrampung e kedadean kuwi  aji lan elis dadi luwih raket. Nalika aji mulih saka kampus.
Adit : “ ji, kowe mau digoleki.”
Aji : “ sapa”
Adit : “ tanggane adewe seng anyar.”
Aji : “ elis apa aning?.”
Adit : “ sing rambute dawa kae sapa jenenge?”
Aji : “ elis”
Adit : “ iya”
Aji: “ la ngapa”
Adit : “ kemau titip sesuatu, tak centhelke nggon grendhel lawang kamarmu.”
Aji : “menehi apaiya elis dit?”
Adit : “ coba dheloken ji”
Aji : “elis menehi donat dit”
Adit : “ la aku ra mok wenehi ta ji”
Aji : “iki lo tak wenehi siji ae”
Adit : “ wis..wis..mosok aku iya mung diwenehi siji? Koyoke isine akeh lo ji”
Aji : “kudune kowe matur nuwun isih takwenehi, kok malah grenengan!”
Adit: “ kudune kowe seng matur nuwun! Umpama aku jahat genah titipane ora tak wenehake kowe, utawa isine tak jupuk dhisik. Hara kepriye?”
Aji : “ kowe iki mesti ora gelem kalah.”
BABAK 4
Aji banjur sms elis tangga anyare sing menehi donat, aji ngucapake atur panuwun lan kandha yen ana sing kurang. Durung nganti aji sms elis, hp ne aji muni pratanda ana sing tilpun. Prayanta elis.
Elis : “ kurang apa mas”
Aji : “ kurang akeh”
Elis : “woe..umpama cedhak genah tak jiwit tenan”
Aji : “ coba yen bisa!he.heehe.
Elis : : “ mas aji seneng donat ?”
Aji : “ seneng banget, sebab ora tuku, hehe..saliyane kuwi anu..
Elis : “ anu apa?”
Aji : “ seneng mergo ana bolongane ing tengah”
Elis : “ halah..senegane kok nyrempet-nyrempet”
Aji : “ lha wong kasunyatane mangkono, aja bosen lan kapok menehi donat  ya ora bakal ditolak”
Elis : “(tut..tut..tut..tilpun  dipungkasi elis).
BABAK 5
Suwe suwe aji malah krasa kalamun penyakit kuwi wiwit nguwasani pikirsnku maneh. Awit saben wektu sing katon netra mung wewayangane elis tanggaku anyar sing ayune uleng ulengan kuwi wae.
Adit : “ hayo ,,lagi ngapa? Nginjen cewek-cewek ya?
Aji : “ ah ! gawe kaget ae..galo sawangen, ana sesawangan endah,” karo nuding elis lan aning
Adit : “ aku gumun karo kowe”
Aji : “gumun piye “
Adit : “ sak suwene iki kowe, kuwi anyep njejet kaya es babar pisan ora gelem srawung karo wanita.umpama srawung ya mung lumrah wae. Hla iki bareng ana tangga anyar kok katone kowe banget kepencut. Kamangka kepiye satemene si tangga anyar kuwi kowe dhewe rak ya during ngerti, ta?”
Aji : “ he…he..pranyata kowe sasuwene iki nggatekake aku, ya? Matur nuwun. Pancen aku kepranan karo tangga anyar kae.lan aku ora mbutuhi kepiye dheweke satemene. Sing baku rasaku kepenak ngono wae.:”
Adit : “ kowe yaw is ngerti kepiye statuse tangga anyar kae?”
Aji : “elis lan ening kae mbakyu adhi, nyambut gawe ing papan kang padha, ing sawijining supermarket gedhe kang duwe jeneng misuwur.”
Adit : “mung, kuwi?”
Aji : “ iya,nembe kuwi sing tak ngerteni.”
Adit : “ ora ateges  aku nyampuri urusan pribadimu, nanging kowe takjaluk sing ngati-ati, aja grusa-grusu yen tumindak. Luwih becik ditlisik dhisik kepiye kahanane tangga anyar kae. Aja nesu ya, kabeh iki tak omongke amarga kowe kanca raketku”
Aji : “ hehehhe..matur nuwun dit,aku ya ora nesu”
 BABAK  6
Waktu terus lumaku, kanthi sesidheman aku isih sesambungan karo elis. Elis uga tansah wanti-wanti supaya aning aja nganti ngerti. Aku mung manut wae pokoke atiku seneng.  Sawijining wengi aji lan adit keprungu rame-rame  saka omoahe elis. Ana wong lanang ngamuk ing omah. Aji bakal nyandet nanging dialang-alangi adit. Ora let suwe banjur katon, aning mlayu metu lan bablas lunga. Kahanan nembe lerem sawise di parani dening pengurus rampung katone ana lapur kedadeyan kuwi marang pak RT lan pak RW. Kanti alon-alon adit crita tentang elis tanngaku anyar.
Adit : “elis kuwi wis nduwe bojo. Bojone elis iyo seng ngamuk ing omahe elis kuwi. Bojonenyambut gawe ing njaba Negara. Bojone percaya karo elis, nangis elis malah dilirikwake dening elis kanthi sesambungan karo wong liya. Amerga elis krungu yen bojone sesambungan marang wanita liya.
 Elis lan bojone tobat, ora mbaleni tumindhak mangkono maneh. Bojone elis wanti-wanti yen bakal setya. Elis pancen ora sesambungan karo priya liya,nanging sesambungan marang wanita yakuwi aning. Mangkono crita bab tetanggaku anyar. Ing batin nyuwun marang Gusti amrih uripku tansah kaayoman. Amrih ora gampang keglewang marang apa wae.sing tundhone malah ndadekkeuripku ora tentrem.

RAMPUNG

Tidak ada komentar:

Posting Komentar