Nama :
Luvi sulis wanti
No. Presensi :
20
Kelas : XII-IPS3
Carang aking
(Dening Narko "Sodrun" Banurosman)
Majalah jayabaya No. 34 Minggu ke 4April 2010
Tema : misteri
Tokoh : banu,iyah,simbok,mbah
kaji sholeh,bu anwar,satpam,karywan,toko,perawat
Watak : 1.Banu : penyayang
2.Iyah : penyayang,ceplas-ceplos
3.Simbok : Sabar
4.Mbah kaji Sholeh : sekti
5.Bu Anwar : jibeg
Latar :
Papan panggonan : omahe banu, omahe simbok, rumah
sakit, mesjid rumah sakit, toko cina carki
Wektu : isuk, awan, sore
Swasana : sedih,haru,seneng
Alur : maju
Gaya bahasa : ngoko lugu, krama inggil
Sudut pandang : sudut pandang wong ke telu
Babak 1
Minggu esuk.anggone banu sholat shubuh durung nganti katutup
kanthi dungo.soko wetan omah dhewek.e keprungu suworo celuk celuk
Simbok : “Nu
banu.. Yah iyaaah”
Banu : (mbuka lawang ngarep omahe simbok e)” ana apa mbok?”
Simbok : (karo nekem dhadhane,ambegane
sengal sengal) “adhuuh awakku rasane loro kabeh le,nduk
sesek”
Banu : “wes
mbok ayo saiki menyang puskesmas Kauman”
Ing puskesmas simbok e Banu oleh bantuan pernafasan
sauntara menit kanggo nglonggarake pernafasan Banu lali yen dino libur ing
puskesmas ora ana dokter jaga
Perawat : “dino
niki dino libur mas,dokter e mboten jogo.langsung panjenengan betha dateng rumah sakit umum kemawon.”
Banu : “maturnuwun bantuanipun kangge simbok”
Babak 2
Rong ndino simbok mlebu ICCU,simbok
dinyatakne kena serangan jantung.
Ing ngarep emper kamar
e simbok Banu lan Iyah jagongan.
Ana pawongan sepuh,klambi bathik,rupo ijo pupus lengen
dowo sandhal jepit srampat biru nyedak i Banu
Mbah kaji sholeh :
“sinten ingkang gerah?”
Iyah : “simbok kulo,gerah gejala jantung mbah.”
Mbah kaji sholeh : “pun
samang padoske gedhang emas lan undur undur.di dhahar enjing sonten”.
Banu : “lha saniki teksih di tangani dokter ngaten lho mbah?”
Mbah kaji soleh : “leres,pados jampi niku mboten medhis thok,altwrnatif
nggih kudu kangge srana waras.”
Bu anwar (bojone pak anwar sing sak kamar
karo simbok e banu) : “la nak liver niku resepe
napa mbah?”
Mbah kaji sholeh : “oo.niku jampine mayar,lek pados dhewe murah yen tumbas
paling rong atus seket ewu mpun angsal. Bojo sampeyan nggih?”
Bu anwar : “nggih mbah”
Mbah kaji sholeh :
“umure pinten?”
Bu anwar : “wis ngancik seket papat mbah.”
Mbah kaji sholeh : “wooo,jik enom kulo mpun wolung pulih papat.” (Sajak mongkog mamerke awer enome)
Mang padoske daging garangan ,di pangan sak atine lek
ra mandi suweken lamben pak kaji sholeh iki!
“ Anu
njur sampeyan nyambut damel napa? Sampeyan ya napa?” (Karo nuding banu lan iyah)
Iyah : “pandaleman kulo bakulan jajan di terke teng warung
warung mbah.lek adhik kulo niki nyambut damel serabutan namine banu,umure seketan
yen kulo iyah umur seket enem”
Mbah kaji sholeh :
“cocoke sampeyan niku bakul banyu nak iyah
teng ngarepan”
(Banu lan iyah
sawang sinawang amarga iyah nate bakulan es ing ngarepan nanging saiki wes ana
bakul es ing ngarep omahe)
Mbah kaji sholeh : “mboten napa napa teng tulungangung niki kathah tiyang
dodol sate,bakso,lan kain sami celak kok iya padha laris.”
Wong telu : (manthuk
manthuk)
Mbah kaji sholeh :
“nak banu niku pantese yen dadi guru,guru ngaji umpamane”
Banu : (mbathin,”waalah guru ngaji? Ngaji mumpung? Pandugaku mbah kaji
iki pancen dhukun iso ngerti penggaweyanku sing sejatine guru les lesan”)
Mbah kaji sholeh : “Kulo mriki wau dijak tiyang
Durnan,nambani yogane kenging DeBe
mpun kalih dinten niki sampun sae. Mangke bar maghrib kula wangsul teng kediri.benjing
injing di beta mriki malih
Banu : (mbathin,”lha yen mrene dijak wong saiki kok ngecuprus neng kene
apa ora di goleki sing ngajak”)
Mbah kaji sholeh : “kulo jenuh bar njampeni nggih kulo damel medal ningali
tiyang sakit sapa ngerti ana sing merlokake tetamba saged kulo mbantu tiyang sanes namung amal.sing
ngajak kulo mboten nglaranf kulo mubeng mubeng ngeten niki”
Mbah kaji sjoleh : “niki sampun wekdal asharan yen sampeyan tumbaske
menyan madu sak ons mawon.niki kulo sukani yatra.”
Banu : “mboten
mbah wg kulo sampun di tulungi nggeh maturmuwun kok malah bade ngrepoti”
Mbah kaji sholeh :
(metu arep asharan nanging isih kober ngongak simbok lan dungo)
Banu : “mbah mengke menyan madu ne kulo terke teng masjid”
Babak 3
Tekan cina carki
Banu : “mbak tuku menyan madu sak ons.
Pira mbak?”
Karyawan cina
carki : “wolung puluh ewu mas”
Banu : (kaget,banjur
nyodorke duwet)
“Massaallah,regane
sebul larang,meh padha karo rego tebusan resepe simbok!.”
(Ing masjid)
Banu : “endhi
iki mbah kaji? Oh.. Iki ana sandale mesti wong e isih ing kene,sajak e wong e
isih konsentrasi dongone tinimbang nganggur aku yo tak sholat ashar pisan,nyenyuwun
mring Gusti Alloh kanthi khusyuk supaya simbokku di paringi seger
kuwarasan,waluyo jati kaya wingiuni”
(Bubar shalat,mbah
kaji isih lungguh timpuh,Ndingkluk)
Banu : “kok suwe temen ya mbah kaji anggone dedungo?
Eehm..ehmm ehhmm
Tinimbang ngganggu lan ngenteni ora karuan,aku tak mara
menyang kamare simbok”
Iyah : “piye nu banu oleh opo ora menyan madu ne”
Banu :
(meneng ae,bingung ana satpam sing marani dheweke)
Satpam : “pak
Banu tulung panjenengan dherek teng mesjid,mbah kaji sampun koncatan nyowo
menawi panjenengan ngerti larah larahe”
(Banu dadi saksi gumlethake carang aking TAMAT)
wis jangkep
BalasHapus