Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA GARA GARA TAS IRENG

Nama                : Dyah Amallia Rosail
Kelas                 : XII IPS 3
No. Absen         : 12

GARA-GARA TAS IRENG
(Dening JMV Sunarjo)
Majalah Jayabaya edisi 1 Minggu, 1 September 2017


1. Tema               : Kasmaran
2. Tokoh              : Jaka, Endhang, Lestari
3. Watak             :  1. Jaka : Apik, sabar, lan tanggung jawab
                               2. Endhang: Apik lan grapyak
                               3. Lestari: ApiLa lan ikhlas
                               4. Sunarjo: Seneng guyon
4. Latar                :
1. Papan Panggonan            :  Ngarep omah, dalan, ruwang kaluwarga.
2. Wektu                               : Awan, sore, lan wengi.
3. Swasana                            : Akrab lan tegang.
5. Alur                 : Maju.
6. Gaya bahasa    : Nganggo basa wong Surabaya.
7. Sudut pandang: Wong katelu serba ngerti.
8. Amanat         : Yen nemu barang sing dudu duweke dewe kudu diserahke marang wong sing duwe.


BABAK 1

Ing sawijining dina, Jaka mulih saka kantor. Saben mulih Jaka resik-resik omah lan pekarangan omah utamane latar ngarep. Jaka nyirami kembang lan nyaponi gegodhongan garing sing pating blasah. Aneka wit lan kembang ana ing pekarangan omah Jaka.

Jaka             :  "Ealah, mulih kerja panggah resik-resik omah, nyirami kembang, nyapu lan sakabehe. Sabar o aku yo. Amprih pantese omahku disawang".(karo nyiram i kembang pethetan)
Sunarjo        :  "ka.. resik-resik karo nyirami kembang yo?"
Jaka              : " Iyo iki.. ben amprih pantes e disawang ngunu lo."
Sunarjo        : " kembang wis ora usum barang isih kok rumat bae, ka"
Jaka               : "apa salah e ta? "
Sunarjo         : "ora salah ka.. nanging kui lo wis ora usum."
Jaka               : " wah sorry. Sajake aku ki ora klebu wong hrog-hrog asem sing hobine anut grubyuk ngono kae. Sekali aku seneng tetep dakrumat kaya ngene iki.'
Sunarjo         : "klebu sing diarani gelombang cinta pora iki ka?"
Jaka               : "Iya, nggo deleng-delengan."
Sunarjo         :" Yawes tak moleh sek."
Jaka               : " Iya ati-ati kon."

BABAK 2

Sakbanjure nyirami kembang Jaka ngaso lungguh ing pinggir dalan ngarep omahe. Sangsaya sore dalan sangsaya rame amarga akeh wong mulih kerja.
Jaka          : "sangsaya sore sangsaya rame rek. Menawa pikire ndang tekan omah ndang istirahat merga kesel."(Jaka omong dewe karo ngiwasi kendharaan wira-wiri)

Jaka ngongkek geger lan arep mlaku menyang omah. Nanging dheweke kaget weruh tas ireng ceblok saka pengendhara sepedhah motor.

Jaka           : " Loh.. duh gusti.. tas e sapa iki.. isine apa iki? Mengko lek ula weling yok opo.. lek emas kaya nang crita bawang merah bawang putih piye.. dak gowone menyang jero omah wae". (Jaka mlayu menyang omah)

BABAK 3

Banjur tas ireng mau diseleh menyang duwur meja ruwang kaluwarga lan Jaka banjur adus. Sawise adus Jaka krasa awake seger lan wis macak necis lan jungkatan klimis. Banjur Jaka moro menyang ruwang kaluwarga.
Jaka               : "Ee.. iki mau duweke sapa ya?" (Buka resleting tas ireng mau)
Endhang       : "Loh Mas.. tase sapa kui??"
Jaka               : " Emboh raroh Dhi, wong tas iki mau ceblok saka sepedha motor nang ngarep omah."
Endhang        : "Wonge ora mudhun ta Mas??"
Jaka                : " Lha yen mudhun lak dakwenehke ora dakgawa mlebu omah, nduk Cah ayu"
Endhang        : "Lho. Iya ya.. piye ta aku iki." (Endhang guyu)
Jaka                : " Wis gek ndang adus-adus kana ben ndang seger."
Endhang        : " Ko sik Mas isih kringeten aku. Masuk angin malah ndhokterne mengko."
Jaka            : "Dhang! Isine BB loro. Ana dhuwite barang. Sayuta rong atus ewu, Dhang. Wah mesake sing kelangan." (Jaka buka tas lan ngetoke isine banjur dilebokne maneh)
Endhang        : "Mendah bingungi sing duwe mas." (Banjur mlebu kamar lan bablas adus)

Jaka nliti tas ireng mau lan dirogohi pojok-pojoke sapa ngerti ana ktp utawa apa wae sing bisa nuduhake identitase sing duwe tas kui mau. Nanging ora ana apa-apane. Wayah wengi BB mau muni.
Lestari               : "Halo, selamat petang."
Jaka                   : "Halo, selamat petang. Saya bicara dengan siapa?"
Lestari               : "Saya yang punga BB ini."
Jaka                 : "Kebetulan mau saya kembalikan tidak tahu saya kembalikan kemana dan kepada siapa."
Lestari               : " Saya minta alamatnya Mas. Saya kesana setelah ini."
Jaka                   : "Iya, nanti saya sms alamatnya."
Lestari            : "Tetapi Maaf rumah saya dengan anda sekitar setengah jam. Saya tau karna saya setiap hari lewat sana."
Jaka                   : "tidak apa-apa, saya tunggu." (Banjur jaka nutup telepon)

Endhang teko menyang andinge Jaka.

Endhang          : "Saka sing duwe tas kui mau Mas?"
Jaka                  : "He.eh Dhang."
Endhang          : "Kok lenger-lenger. Duweke wong wadon ta?"
Jaka                  : "Iya."
Endhang           : "Wis kenal durung mas?." (Endhang penasaran)
Jaka                   : "Durung."(karo mesam mesem)
Endhang            : "Bakal dadi jodhone mas Jaka yak e?".
Jaka                    : " Ngawor ae. Yen wis ibu-ibu duwe anak bojo piye?"
Endhang            : "Lha mas Jaka kok dadi lenger-lenger "


                                                                         BABAK 4

Jaka ora semaur lan deleng arlojine nuduhake jam enem. Banjur dheweke metu omah.

Jaka                  : " Yen jare perjalanan saka omah e tekan kene mung butuh wektu setengah jam tapi wonge kok durung tekan kene. Dhang, Sing duwe tas entenono nang ngarepan kene aku tak neng hek ngarep kono. Wonge wis arep tekan."
Endhang          : "Iyo mas tak metu." (Mlayu menyang jobo)
Endhang          : "La mas Jaka kok ngerti yen sing duwe tas meh teka. Jare sapa?"
Jaka            : Loh Dhang.. durung ngerti ta Masmu iki pinter ngramal lan ngerti sadurunge winarah?"(Karo mesam mesem)
Endhang           : "Mau lengar-lenger saiki mesam-mesam. Jan-jane ana apa ta? Masku iki napo?."
Jaka                   : "Wis ta Dhang. Entenono wonge."
Endhang           : "Wadhuh. Saiki malem jumat kliwon i. Lak tas ireng kui gone kuntilanak piye?"
Jaka                   : "Halah jamane ngene kok isih ana kuntilanak. Ora ana. Kuntilanak wis mlayu karo genderuwo menyang segoro kidul merga nang kene didemo puluhan ewu thuyul kae. Mulane aja ndeleng film horor."
Endhang             : "Mas arep menyang endi ta?"
Jaka                     : " Aku daktuku sega goreng karo njajal roti bakar bukakan anyar lore stadion."
Endhang              : " Mengko yen ana genderuwo piye mas?"
Jaka                      : " Wedi? Cakoten lambene." (Jaka budhal menyang stadion)

Ora watara suwe sapungkure Jaka ana sepedhah motor mandheg. Wong wadon langsing pakulitane kuning langsep menganggo sarwo putih mudhun tekan sepedhah motor mau. Nyopot helem e katon rambute  sing ireng njanges ngrembyak kaore tekan geger. Banjur Endhang mrinding.
Lestari               : "Endhang ya? Ora pangkling aku?"
(Endhang ora semaur. Lak ngiwasi dheweke awit pucuke driji nganti pucuking rambut.)
Lestari           : "Heh Dhang! Kowe kui ngapa kok mandeng aku kaya ngunu. Aku kok kira kuntilanak ya?. Aku Lestari kancamu SMP."
Endhang              : " Kowe Lestari tenan?" (Pitakone Endhang ragu)
Lestari               : " Tenan Dhang. Iki mau aku mulih kerja tekan omah aku kaget merga tasku warna ireng ilang. Isine BB loro lan dhuwite yen ora salah sayuta rong atus ewu. Sajane aku Wes ikhlas yen ilang. Ning bareng tak hubungi aku diwenehi alamat nang kene. Banjur aku bablas rene tanpo adus lan salin. Mula aku isih gawe sragam perawat. Dalan iki dakliwati sabendino lo Dhang. Aku lagi ileng duwe kanca omah kene. Nanging mau sing ngangkat teleponku sapa Dhang?"
Endhang                : "Sing nemu lan ngangkat mau Masku Jaka."
Lestari                    : "Mas kandhung apa mas temu gedhe?"
Endhang                : "Mas kandhung lah. La iki wonge teka."
Jaka                        : "Ana tamu ta?"
Endhang                 : " Iya Mas. Kancaku SMP biyen. Lestari sing duwe tas ireng mau."
Jaka                         : "Iya? Kok ora diajak mlebu? Mangga pinarak njero.


BABAK 5

Banjur Jaka, Endhang lan Lestari mlebu nang ruwang kaluwarga.

Lestari                    : " Endhang wedi mas. Aku dikiro kuntilanak. " (karo guyu)
Endhang                : "Ora ding." (Endhang bablas mlaku menyang dapur jupuk piring lan sendok)
Jaka                     : "aku mau nemu tas iki nang dalan pas aku ngaso. Tak delok enek BB loro karo duit tak goleki KTP ne ora ana."
Lestari                   : " Iyae mas. Aku mau kesusu mulih maleh ceblok."
Jaka                       : " Sampeyan iki kancane Endhang ta?"
Lestari                  : "Iyae mas.. aku kancane SMP. Aku nglanjutake menyang SMK jurusan kesehatan lan saiki kerja nang rumah sakit swasta nang kutha."
Jaka                        : " woo.. ngunu ya."
Lestari                    : " iyae mas. Aku saben dina mesti lewat kene lo mas."
Jaka                         : " Iya ta?? Aku gatau ngertie"
Endhang              : "Ayo ndang dimaem. Ya ngene iki nasibe bujangan. Mangan lak suguh saanane. Ayo ndang diserbu selak adhem. Ngiras-ngirus pesta kecil menyambut pertemuan kita." (Karo guyu lak nata panganan nang meja)
                       
Wiwit dina iku lestari asring mampir lan katon sapa jagong gayeng karo Jaka.

Endhang              : "Gara-gara tas ireng ketemu jodho ni ye! Yen ndang resmi mangkat mulih nyang rumah sakit cedhak." (Endhang nyenggaki)
Jaka                     : "Dhang.. sampeyan kui enek-enek wae nduk."

Nalika kui Jaka lan Lestari dumadi luwih cedhak. RAMPUNG.

1 komentar: