Rabu, 31 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA



 NAMA      : WINDA NUR SYAMSI
NO.ABSEN :     2 9
KELAS : XII-IPS 3


.Titin Apuranen Aku
  Dening: Satyatama
  Majalah Jaya Baya
 Minggu 3 Agustus 2016


                               Babak I
Wilujengan sewu dinane bapak wis rampung,aku enggal nyuwun pamit ibu lan keluargane adhik.aku matur yen liburan sekolah anakku arep takjak sowan eyange,ngiras pantes rekreasi.
Ibu  :" Aja lali suk liburan Desember,aku wis kangen karo Santi lan Toni"
Aku : "Inggih Bu,nyuwun pangestu,"
Wangsulanku ,banjur marani ipeku sing wis siap ngenterke nganggo sepedha motor.
                            Babak II
Tekan panggonan travel,penunmpang wis akeh, ning isih padha lungguhan.
Aku: "iki memgko budhale jam pira Mas?"
Takonku marang sopir,amarga durung ana tandha-tandha enggal budhal mangka wis jam sanga luwih.
Sopir: "sekedhap malih Pak,ngentosi penumpang saking Cangkring"
Aku: " Jane jam sanga ta?Yen mundur terus, tekan Surabaya kawanen lho,jam setengah wolu wis mlebu,"
Protesku. Sopir meneng. Apa penumpane pancen kurang. Aku ora ngerti. Arep mulih dina Minggu mesakake ibune bocah-bocah, ndah repote momong cah loro. Kok ya ndelala rewang mulih pisan, alasane dulure duwe gawe mantu.
 Sopir travel nyedhaki bos sing nyekel gangang telepon, tangane aweh tandha supaya meneng.

Bos: "Entenana sadhela, paling suwe sepuluh menit, penumpang kon mlebu"(perintah bos)
Sopir: " Mangga,sedaya sami minggah, wingking dipunlenggahi riyin, nggih, tiyang sekawan. Mangga Pak,panjenengan tengah kemawon,"( printahe Sopir,penumpang wiwit mlebu).
Aku:" Lho yen ora enggal budhal, aku neng njaba dhisik, sumuk,"( aku isih semata.)

Takwaspadakne penumpang liyane kok manut men ta. Ora ana sing protes kaya aku. Sing lungguh mburi iya anteng, isih mudha lanang kabeh. Sing lungguh cedhak sopir sawijining bapak sing wis cukup umur,dene mburine sopir ana priyayi sekalian kakung-putri karo putrane siji.
Sopir: " Sampun ta Pak, mangga sedaya sampun mingah,mangga,"( printahe setangah meksa)
Kepeksa aku manut. Sopir marani Pak Bos sing isih telepon -teleponan. Pak Bos ngomong sing aku ora ngerti. Sopir manthuk-manthuk,njur mlebu nggon stir.
Sopir: "saking Cangkring sepedha motore gembos, ngampiri riyin ,langsung bidhal," (kojahe sopir, ning ora dakrungokake.)
Elf tleser-tleser budhal arah ngalor.
Sopir:"Halo, mbak Tin, ya ya ya neng ngendhi cedhak tokone Pak Pardi,ya . Ya oke, beres Mbak."     
Elf bablas ngalor. Krungu jenenge Tin disebut aku nggronjal, aja -aja Titin sing dicritakake Bambang ipeku mau awan. Ah ora,dudu,dudu Titin putrane sing dak -kosi neng es-em-a biyen.
Elf mlaku rada banter bareng nyandhak dalan makadam mlaku alon, menggok nengen katon ana wong loro lanang- wadon ing cedhake sepedha motor kena sentronge lampu elf. Sopir mudhun,nampani tas, njur dilebokake bagasi. Wanita mau mlebu Elf,tanpa sangga runggi lungguh ing sisih tengenku karo noleh nyang aku. Atiku ngedhap, aku ora lali iki nak Titin Wahyuningsasi sing tau ngrenggani atiku nalika semana.
Titin: "Mas Widodo, ngalali apa lali",( tembunge lirih nanging cetha )
Aku: "Njenengan Dhik Titin putrane Pak Dawan sing takdhereki biyen? "( sambungku)
Titin: "Bener, aku Titin sing njenengan jarne sawetara taun kepungkur, "( wangsulane, wiwit mbukak cathetan lawas)
Aku yakin yen iki Titinku biyen nalika ana es-em-a. Kena apa ketemu neng kene,kena apa gelem urip ing desa, njur kene wis nikah apa durung? Yen wis nikah momongane pira?
Titin:"Pangapuntene, mau awan ora rewang wilujengane Bapak. Kuwatir ketemu Mbakyu,"(sambunge maneh)
Genti aku sing bingung kudu ngomong apa,sapolah- tingkahku kok sarwa salah.
Aku: "Ora apa-apa,"(mung iku tembung sing kawetu)
Lembaran lawas bali ngegla. Aku ujian es-em -a,dheweke ujian es-em-pe. Aku semester enem dl-eke lulus es-em-ka ekonomi. Lulus es-em-ka dheke ra neruske,kari ngenteni lamaranku.
                          Babak III
Elf mlaku ngulon arah Pacitan. Tekan Dasri, ana penumpang siji maneh,lungguh sisih kiwaku. Ngumbul wis kliwatan,mlaku lan mlaku terus. Sadurange pasar kewan Tulakan menggok nengen, ora metu Pacitan ning metu Wonokarto, Montongan tembus Slahung. Elf menggak-menggok, munggah-mudhun,kandhang menggok ngeget,liwat dalan penggunungan. Titin lungguhe saya mepet.
Mudhun Slahung dalan wiwit penak, lakune Elf wiwit anteng
 Bengi saya nglamgut,penumpang liyane wiwit ngantuk. Titin isih lendhetan ing pundhak, melek sithik ngucap alon,
Titin: "mas"(njur ambyuk ing pangkonku.)
Tangan tengenku di candhak dipapanake pernah sirah.
Insting tanganku ngelus-elus rambute sing kentel. Penumpang sing liyane wis pra nggape,wis katrem karo impene dhewe-dhewe Ora mung iku malah tangane karo pisan nyekeli bangkekanku tanpa sangga runggi. Jam rolasan Elf tekan Caruban menggok ing restoran. Restoran mau rame,pancene nggo lerene para penumpang Travel.
Titin kriyip-kriyip,nyawang aku sedhela njur ngucap
Titin: "Nyang mburi sik Mas!"(pangajake)
Aku: "iya, ayo,"(wangasulanku cekak)
Aku njur ngeterke dheweke. Sopir Elf ajak-ajak penumpang lan aba mbokmenawa ana sing pengin nyang buri. Aku njur ngeterke Titin leren ngombe sawetara. Ora akeh sing diomongke,ning sajake nyimpen omomngan sing aku dhewe durung pana.
Titin: "Suk Senin takenteni ing panggonan iki,yen bisa sadurunge jam siji,janji ya Mas,"(karo ngetokake kertas saemper kartu nama)
Aku: "iya aku janji"(wangsulanku manteb karo nampani kertas mau)
Titin:"aku percaya, njenemgan ora bakal mblejani sing kapindho,"(tembunge kalem nanging nujem pulung ati)
Aku: "titeni wae,endi sing teka dhisik"(aku emoh kalah)
Sedawa dalan nuju Surabaya wong loro meneng. Nyandhak jam papat Elf wis teka Krian, bablas nyang kawasan perumahan Gunungsari ngeterke penympang .Lho kok Titin, iki omahe sapa?
Titin: "aja lali Senin,iki daleme bulikku,"(omomge cekak mudhun.)
Aku: "aja kuawatir, salam kangen Bulik,"(wamgsulanku)
Elf nuju Karang Empat mudhunake penumpang ing tlatah Mojo,njur menyang omahku ing Bratang.
                   Babak IV
 Sesuk isuk isih Sabtu,Minggu lagi Senin. Ah rasane kaya setaun...
Ing sawijining lobby hotel dalan Rajawali Surabaya, aku dimanggakake karo resepsionis dituduhake. Ing panggonan kang wis sumadhiya. Ora let suwe ana pelayan nyuguhi es jerukvrong gelas.
Titin: "Diunjuk Mas"
Ana wanita manggakake,mripatku kedhep-tesmak.aku kalah dhisik
Titin: "Wah,njenengan jan satria tenan,ora kleru pamilihe Mbakyu,"(omonge alus)
Nanging rasane nempeg rai,kemranyas. Titin sing dakadhepi iki dudu wanita desa,nanging wanita kang anggun mriyayeni. Wanita iki pantese pra manggon ing desa adoh lor-kidul,pantese dadi wanita karier nyambutgawe ing kantor. Apa pancen wis mutung,amarga aku mblejani janji?
Titin: "Mesthine,jenengan lulus es- satu kae langsung takcekel ora sah ngenteni es-dua,kesuwen. Ah,witing tresna jalaran saka kulina. Aku pancen adoh. Bejane sing cedhak. Ora ana gunane geguritan katresnan lan es-em-es mbelgedhes!"
Titin: "Sawise ngenteni njenengan sing ora cetha kabare,aku nikah karo Carik. Sing njodohkake Pakdheku sing dadi lurah. Aku sering nyang Surabaya, kadhang ya karo bojo, kadhang ya ijen. Saliyane nglipur ati, aku ya usaha golek obat supaya duwe turun. Ning cen bojoku sing gabug. Rabi ping pindho ora duwe anak,"(tambahe kaya isih ana maneh sing arep diomongke)
Aku:"Apuranen aku Dhik,aku sing salah"(omongku)
Wong loro meneng sawetara.
Titin: "Mas...Cethane aku kepingin duwe anak karo njenengan"(tambahe nandhes)
Aku legeg, ora bisa kumecap.
Titin:"Mas neng hotel iki wis sumadhiya kamar kanggo sapatemon awake dhewe. Dudu bojoku ra papa,pokok sing penting bisa duwe turun karo priya sing biyen pancen taktresnani lahir-batin. Aku gelem ngeladeni njenengan",( omonge tanpa tedheng aling-aling)
Ah, wanita desa sing biyen kebak ewuh-pakewuh,saiki dadi sarwa blak-blakan blaka-suta. Gek jaman apa iki?
Titin:"Yen pancen kabotan ra apa, aku ora meksa. Gampang memgko aku golek priya liya,embuh sapa kono aku ora peduli"(tambahe nekad)
Aku kok kelingan lelakon nalika ningggalake Titin. Kuliah sing adoh ndakake aku kenalan karo adhike kanca kuliah. Wiwitane diajak dolan nyang omahe ing Waru Sidoarjo. Suwe-suwe dadi tuman. Aku sikenalke karo adhike sing dadi tenaga kerja honorer instansi pemerintah. Libur semester sing biasane aku mulih nyang Pacitan ngapeli Titin,dikanggo seneng-seneng karo Ninik,sing saiki dadi ibune Santi lan Toni.
Bener Titin, witing tresna jalaran saka kulina. Bar wisudha, let sawetara dina aku kudu ngadhepi kanyataan dadi manten, tutup buku mbukak terop. Bapak-Ibu duka ning ora bisa tumindak apa-apa. Ninik iya ayu,gaweane mapan,duwe pangarep-arep dadi pegawai tetap.
Titin:"piyee?"(pitakone maneh)
Aku meneng sawetara,aku kudu kukuh kaya pituture bapak swargi. Wong lanang kudu kukuh,kanyataan kudu diadhepi.
Aku:"Dhik,sepurane aku. Aku cidra ing janji",(omonganku alon)
Njur takteruske.
Aku:" Aja tumindak nekad, aja njegur kali Grindulu kang lagi banjir. Utawa ambyur ing segara kidul kang ombake jumlegur nggegirisi.Weningna pangalihmu.isih ana dalan liya. Akeh dalan kang bisa dilewati, percaya karo aku. Sakondure saka kene Dhik Titin bakal duwe momongan. Utawa yen pancen kepeksa, bisa ngathik putra angkat. Aja cidra ing kakung. Ngenani aku,pangapurane ora bisa nuruti kersa mu, amarga..."
Abot anggonku nerusake
Titin: "amarga apa mas?(Karo mandeng aku)
Aku kudu tatag,kudu mgomong,
Aku:"Sawise anakku sing kaloro lair, let sawetara wulan ibune cah-cah operasi miom lan ngangkat kandhungan. Kanggo tandha prasetya, aku ya njur nyusul operasi kang ora bisa duwe turun. Anak loro takanggep wis cukup. Wis ta ayo ndang kondur. Ayo ninggalake panggonan kang rasane kurang pas kanggo awake dhewe iki. Apuranen aku Dhik. Saiki ayo,"(tambahku ngarih-arih.
Tamu hotel ora dadi kawigatene. Swasana tidhem. Dheweke dhingkluk, luhe tumetes.










Tidak ada komentar:

Posting Komentar