Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA ADHIKU CILIK



ADHIKU CILIK
Dening : Dyand W
Nama                   : Kholifah Endareta Nur Umaya
Kelas                   : XII IPS 3
No Abs               : 16

Babak 1
          Sawijining dino isuk-isuk nang kantor aku wes bengkerengan karo sekuriti pungkasane ana tas e peserta sing ilang sak wis e iku aku muleh rung tekan omah wes dipapag Pak Slamet tukang becak sing janggol ana pucuk gang omahku.

Pak Slamet           : “Har, adhimu maeng mlayu ngulon ora klamben, wuda blejet mung nganggo sepatu komplit karo kaos kaki”
Har                       : “ Ngulon? Nyang ngendi parake, lik?”
Pak Slamet           : “Wah, embuh. Maeng ya kober tak gusah bali melbu gang. Coba ta golekana ngulon,” (aloke karo mancal becak)
(Har Mlenggong Atine ra karuan)

Babak 2
          Sepedah motor langsung tak gas ngulon, saurute dalan tak jingglengi siji-siji pawongan
Har                       : “Mas weruh adhiku lewat kene ora?”
Mas Gani             : “Aku lagi wae muleh kerjo, durung suwe olehku lungguh kene”
Yu Milah              : “Maeng ning wis rada suwe pancenan liwat kene. Mlayu tanpa awer-awer, ning mergo aku wadon ora wani menggak” (yu milah nyauti saka jero warung)
Pak Sardi              : “Aku maeng weruh adhimu nyabrang jembatan ngidul nyedaki rel sepur, sisipan karo aku, coba ndang tututana” (aloke pak sardi sing lagi njagang sepeda)
Har                       : “Adoh eram Pak Sardi’’
Pak Sardi             : “Iya wae, adhimu kuwi sikile dawa jangkahe amba, aja mlayu, mlaku wae yo cepet kok”
Mas Gani             : “Gage tututana, selak saya adoh”
Har                       : “Iyo Mas, Suwun Pak Sardi”

Babak 3
          Sepedha tak geber rada banter nyedaki rel sepur
Har                       : “Pak semerep lare jaler boten klamben mlajar mriki”
Tukang Becak      : “Oh, sing pawongane dhuwur maeng ta mas?”
Har                       : “ Nggeh Pak (karo manthuk)
Tukang Becak      : “Mlayu rono mas nang mburine gudang-gudang maeng nang kene diburak wong-wong”
Har                       : “Nggeh pun pak matursuwun pawartosipun”


Babak 4
          Jam 10 bengi aku bali durung nganti nemoke adhiku, nanging aku isih kober telpon marang kancaku, sopo ngerti ono sing weruhi adhiku. Let sadhela bisa merem kahanan wes padhang. Amcasku arep nggoleki adhiku.
Har                       : “ Bapak kula badhe mboten mlebet kerjo mergi badhe madosi adhik rumiyin”
Bapak                            : “Ogak usah Har, aku ae tak sing goleki
Har                       : “Kula mboten tego kalian bapak, bapak sampun sepuh, mangke menawi wonten napa-napa kalihan bapak”
          Let sadhelo danang lewat ngarep omah
Har                       : “Nang mreneo, arep menyang ngendi?”
Danang                 : “Mbalek e klambine Agus Mas Har, ono opo to Mas Har?’’
Har                       : “Ngene lo nang aku arep jaluk tulung, sampean gelem gak baturi bapak nggoleki adhiku”
Danang                 : “Iyo Mas Har, mengko bapak tak kancanane”

Babak 5
          Olehku nyambut gawe ora jenak sedhela-sedhela ngingeti hape, menawa danang kabar-kabar lek adhiku wes temu, ning nganti aku muleh kerjo durung enek kabar. Angkahku arep nyusul, ketungka tekane Bu Parti tangga ngarep omah
Bu Parti                : “Kowe ki karepmu piye? Mosok ora eling nalika sore rong dino sedurunge ibukmu seda kae rak titipi dhuwit, tak kon menenhne ibumu para mok wehne?”
Har                       : “Yatra”
Bu Parti                : “Loh, piye ta genah e kowe sing nampani lan nyanggupi mengko diwehne ibune. Ora kok wehne ya? Ngene iki dhek wigenanae aku dilabrak adhimu, karo nggawa bukune ibumu, ngarani aku durung nyaur utang. Ya aku ra trimo pancen aku wes nyaur, kowe iki pancen diyan dhuwit kok, titenono ya!”
(Har meneng njekitep)


Babak 6
          Sakwise aku dilabrak Bu Parti aku langsung kelingan aku moro nang omah goleki bukune ibu sing nang bupet tak deleng jeneng e Bu parti sing urung dicawang, aku rumangsa luput marang Bu Parti. Let sedhelo hapeku muni gage tak angkat saka danang
Har                       : “Piye Nang? Kowe nang ngendi iku?” (takonku ora srantan)
Danang                 : “Nang rumah sakit iki Mas”
Har                       : “Dadi adhiku saiki ana rumah sakit”
Danang                 : “Ora Mas, iki bapake sampeyan maeng sak wis e mangan ana warung ujug-ujug ambruk. Sujune cedhak rumah sakit. Tak gawa mrene jarene dokter e kena stroke nganti saiki durung sadar. Sampeyan gage mrene Mas, ki perawate bola bali takon ngenani administrasi aku bingung jawabane” (suarane danang sajak gupuh)
Har                       : “Iyo Nang mari iki aku mrono”
 (Aku langsung lemes, nangis entuk kabar tekan danang).
Tamat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar