Nama : Zuni
Fitriyatul Hasanah
Kelas : XII – IPS 3
No. Absen : 32
Sumber : CRITA
CEKAK JAYA BAYA No. 44, Edisi Minggu 1 Juli 2010, karangan : J.F.X Hoery
IKI MAU SAPA?
Dening : J.F.X Hoery
Babak 1 (Ing ruang tamu)
Ing sawijining dina, Hoery dolan menyang omahe pak jayus, sak tekane omahe
pak jayus, pak jayus krungu swara motore hoery.
Pak jayus :
(nginguk), “mlebu mas, aku tak adus dhisek, bar resik-resik rung sempat adus.”
Hoery ora mangsuli, langsung mlebu kaya biasane yen hoery dolan mrene. Ing
ruang tamu, wis ana bocah wadon sing lungguh kursi tamu madhep ngetan, ngiringake
lawang mlebu. Ngerti tekane hoery dheweke mesem. hoery bales mesem, ning hoery
ra kenalan. Dak sengguh hoery dheweke tamune pak jayus, kancane siaran. hoery
mapan lungguh ing sandinge bocah wadon iku mau, ngungkurke lawang ngarep.Banjur
bocah wadon iku ngerti apa sing lagi di pikirake hoery.
Bocah wadon : “ aku seneng nganggo mesin ketik. Swarane
nduweni daya tarik kang angel digambarake. Swara tak-tik tak-tik iku endah
banget ana ing kuping. Beda karo komputer, ora ana swarane.”
Hoery : “(nyrekal),
komputer lak bisa diiseni lagu-lagu, gendhingtaub ya bisa dilebokne.”
Bocah wadon : “ lah iku lak wis ora muni saka swara
tunggal. Antarane swara tuts karo swara nyanyian rak wis dhewe-dhewe.”
Mesin ketik di parani hoery, di dulit bledug e. Ketok lek pancen wis suwe
ora didemek. Ora diresiki. Kamangka biasane dheweke iku sregep. Mesin ketik iku
jarene bojone sing nomer loro. Diemi-emi , bubar kanggo ngetik ditutup nganggo
kain panas. Seminggu pisan diresiki, digemuki. Ning iki ketok suwe dijarake,
tetaunan ora disenggol. Pancen wes suwe dheweke ora nulis, sak bubare nulis
kasus bocah wadon bunuh diri kae. Embuh trauma apa kepriye. hoery dhewe ora
dunung. Pancen kasus mau di tulis bareng-bareng, ning ya gene kok banjur
dadekake dheweke kelangan jatidhiri pinangka penulis.
Nganti sodrun nalika ketemu hoery nakokake pak jayus amarga jare uripe pak
jayus dienggo belani basa lan sastra jawa kanthi dadi pengarang.
Sodrun : “ crita-critane ngangeni, ning sing dikangeni
wis ora nglegewa. Alih profesi apa ta sak iki pak jayus? ”
(Sak wise adus pak jayus marani menyang ruang tamu)
Pak jayus : (metu
saka omah tengen karo mbenakne nganggo kaos),“ saka ngomah wae mas? ”
Hoery : (mapan lungguh sak wise delok mesin ketike pak
jayus),“ iya, gak nate ngulon pak, kok ratau mampir? ”
(Bocah wadon sing lungguh ing kiwane hoery, sajak ketungkul anggone maca
majalah. Dilirik hoery sing diwaca crita misteri.)
Pak jayus : “ ora,
saploke radione ora ana masalah iki, aku ra metu-metu.”
(Pancen saploke ora nenulis, dheweke dadi penyiar ing radi swasta, ngesuhi
siaran guyon maton.)
Hoery : “ siaran ora, nulis ya ora.”
Bocah wadon : (nyela
omongan),“ trauma ta, mas? ”
Pak jayus : “ aku ora nulis, nanging idhe-idheku numpuk
ana utegku. Malah umpama komputer ngono nganti memorine wis ora amot mergo
idhe-idhe sing terus mlebu. ”
Bocah wadon : “ sing arep iso weruh idhe sampeyan akeh ae
ya sapa mas, yen ora ditulis.” (dhebat)
Pak jayus : “ iki
ancen sikapku, yen ra karep nulis, diuyak-uyak ya ra bisa. Ning idhe-idheku
sing teka keri-keri iki apik-apik. ”
Hoery : “ kok wis
ngarani apik wong jek idhe, durung ana nyatane.”
Pak jayus : “ lho
piye ta, karangan paling apik iku sing durung ditulis.”
Hoery : “ terus
sing ngarani apik iku sapa?”
Pak jayus : “ ayuk
diombe !”
Hoery : “ iki mau lho, sing apik dhewe sing durung
nate ditulis, dhasare piye?”
Pak jayus : “ lha ya ta, sing wis ditulis, diwaca rak wis
bar. Kanggoku ora, sing apik iku sing durung nate ditulis, sing durung diweruhi
liyan.”
Bocah wadon : “
terus sing mbiji apik po elek ki sapa, mas?”
Pak jayus : “ ya
aku ta, wong sing duwe idhe aku. ”
Bocah wadon : “ah,sampeyan ki aneh. Sing bisa ngarani
apik lan elek iku kudune rak wong liya.”
Pak jayus : “ yen wong liya iku durung mesthi bisa ketemu
karo pikirane pengarang. Nggone mbiji, nggone ngarani apik-eleke rak yo mung
manut selerane dhewe-dhewe.”
Hoery : (ndesek) “ lha yen ngene iki, ya selawase ya ora
bakal gathuk. Saiki ngene wae lho, idhe-ihene sampeyan iku ndang ditulis, nek
ilang malah eman-eman lho.”
Pak jayus : “ iya, ya. Sok-sok aku ki ya sok mikir. Aku
iki karo Gusti Allah pinaringan kaluwihan, yaiku nampa idhe-idhe sing semene
akehe. Lha iki yen ora tak tulis, ora tak babar, apa aku ki ora jeneng kedosan?”
Hoery : “ lho ya wes mesti, no. Mulane ya ndang
ditulis,ben ora muspra, ben ora numpuk dosa kaya idhene sampeyansing numpuk
mau.”
(Wong telu padha ngguyu).
Bocah wadon : “ jane sampeyab ki rak trauma nulis kinati
kae ta mas? Rumangsa kene katane kinanti marga saka anggon sampeyan nulis kae.
Jan-jane ora ngunu kuwi lho. Kedadeyan kae rak
merga pancen wis diniyati kinanti dhewe.”
Pak jayus : “
sampayan ngerti ta?”
Bocah wadon : “ aku
melu maca tulisane sampeyan wong loro.”
Pak jayus : “
sampeyan ki ya seneng maca-maca?”
Bocah wadon : “
seneng, tapi ya milih-milih penulise.”
Pak jayus : “ karangane
sapa sing sampeyan senengi?”
Bocah wadon : “karangane mbah pur, mas pur adhie, pak
esmiet, sudharma KD, mas nursyahid. Yen sing chedak-chedak kene ya mas yes
isimie, guritane pak ngalimu, anjrah lelana brata. ”
Pak jayus : “lha iku wonge wis ora ana kabeh. Wis padha
dadi pengarang lan penggurit ing alam
kana. Kepara malah ana sing dadi redaktur barang, ya neng kana.”
Bocah wadon : “ nek pengarang-pengarang saiki sing isih
padha urip ngunu sapa sing mbok senengi tulisane?”
Pak jayus : “ ora ana sing tak senengi, wong aku ora ana
sing kenal. Aku ora seneng, paling-paling rak elek-elek kabeh.”
Bocah wadon : “ elek piye ta wong ya ana sing padha wis
nampa hadhiah rancage barang ngono.”
Pak jayus : “ lha iku rak ya padha karo panemu sing mau,
sing mbiji sapa. Merga slerane cocog, mula ya banjur menang . coba yen slerane
ora cocog.”
Bocah wadon : “ya
ora ngunu, wong sing mbiji iku tim.”
Pak jayus : “ lha umpama tulisane sing dadi pemenang iku
pancen apik, nanging rak isih ana sing luwih apik.”
Bocah wadon : “
awakmu kok ngerti?”
Pak jayus : “tulisane pemenang iku sing apikbanget
yaikusing durung ditulis, durung di babar. Mesthine sing entuk hadhiah kuwi ya
sing isih durung dibabar iku. Dudu sing saiki sing isih kalah apik karo sing
saiki isih kalah apik karo sing sak iki isih padha kasimpen ing uteg e.”
(Bocah wedok sing suwe-suwe katon manise mau jebul kok malah pinter ngomong
lan wani mbantah. Nanging anggone ngomong terus meneng, merga hpne muni. Dheweke
terus jupuk hp kui ing jero tase).
Bocah wadon : “ hallo. Ana apa? Aku ana purwosari. Sak
iki ” ( njawab pitakon saka hp sabrang kana)
Bocah wadon : “ pak, aku nyuwun pamit dhisik, dienteni
kanca ana ngomah. Mas, nyuwun pamit.” ( kandane katon sajak kesusu)
(Bocah mau ngadeg karo nglebokake hpne menyang jero tase, banjur pamitan.)
Bocah wadon : “
pareng, nyuwun maaf, aku ngganggu.” (karo mlangkah lawang)
(Hoery ora ngadeg, pak jayus nguntapake menyang ngarep lawang. Ora let suwe
dheweke mlebu).
Pak jayus : “ mas
bocah iki mau sapa ta?”
Hoery : “lho, sapa piye ta, lha iki mau rak tamu
sampeyan. Aku mlebu dheweke wis lungguh ana kene.”
Pak jayus : (
mbantah )“tamuku piye. Bocah iki mau tekane bareng sampeyan”
Hoery : “ aku mrene iki mau dhewekan. Saka njaba dak
sawang sampeyan njagongi. Aku njagang motor sampeyan menyat pamit arep adus
mau. Dak kira kanca siaran. ”
Pak jayus : “ aku mau lagi mlebu ngomah saka resik-resik
etan omah iku, sampeyan teka karo mbonceng bocah wadon mau. Mulane aku pamit
adus dhisik. Bocah mau dak kira malah mahasiswi sing nggolek bahan skripsi.
Masalahe yen nggolek referensi buku-buku jawa jujugane yen ora nggon ku ya
nyang sampeyan.”
Hoery : “kok aneh
ya?”
Babak 2 ( ing ratan gedhe )
Ora sranta, hoery enggal metu nututi menyang ratan pretelon enggok-enggokan
kulon, sing adohe saka omahe pak jayus watara 50 meter. Lagi limang menitan,
mau dheweke mung mlaku, dadi ya ora ngarah yen wis tekan ratan gedhe. Ning
bareng tekan pretelon dak ingetke ngalor lan ngidul ra ana bocah liwat. Wong lumrah
mlaku limang menit ya lagi entuk seketan meter, ning iki kok wis ora ketok.
Hoery penasaran, banjur mbalik jupuk sepedhah motor, dak uyak tekan dhalan
gedhe, nanging uga ora ana. Isih durung marem, bablas ngetan terus menggok
ngalor, mubeng dalan sing tembus kulon omahe pak jayus, tetep ora ketemu.
Babak 3 ( ing plataran omahe pak jayus )
Pak jayus : “
ketemu?”
Hoery : “ ora !”
Pak jayus : “ kok
aneh ya! Sampeyan mau ora takon jenenge ta? ”
Heory : “ora. Rumangsaku tamu sampeyan, lan aku kok ya
ora duwe pikiran kenalan lan takon-takon menyang dheweke.”
Pak jayus : “ lho
ya. Dheweke mau rak ya ngombe tehe ta. Rumangsaku kari sethithik.”
Hoery : “ iya,
dheweke ngombe, yen ra kaping telu ya kaping papat anggone ngombe.”
Pak jayus : “lha
iki, tehe isih utuhngene, mas.”
Hoery : “ wis ora
perlu takon, bocah iki mau sapa. Sing cetha sampeyan di elikake supaya
nulis-nulis maneh.”
Unsur intrinsik
crita cekak “ IKI MAU SAPA?”
1.Tema : Mbelani
basa lan sastra jawa
2. paraga lan watak
a)
Hoery : sopan
b)
Pak Jayus : ngajeni, apikan
c)
Bocah wadon : misterius
d)
Bojone pak jayus : ngajeni
e)
Sodrun : pengen weruh
3. latar
·
Tempat : omahe pak jayus, ratan gedhe, plataran omahe pak
jayus
·
Suasana : bingung
4. alur : maju
5. sudut pandang :
sudut pandang orang ke tiga
6. amanat : yen
dhuweni idhe-idhe utawa gagasan ngenani panulisan karangan basa lan sastra
jawa, luwih becik idhe-idhe iku ditulis ketimbang mlumpuk lan muspro, yen wis
ora ana penulis karangan basa lan sastra jawa sapa maneh sing arep nerusake
mbelani dadi penulis karangan basa lan sastra jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar