Nama : ANITA PUTRI IRJAYANTI
No absen : 05
Kelas : XII IPS 3
Dening : Leona
Majalah : Jaya Baya
BABAK I
Uti :”wan adhimu wi lo diurus,aku
ki wis ngurus kakungmu”
Wawan :”yuh ti, aku iki lagi teko omah kok wis kok kongkon njogo adhik ta, aku ki kesel
sektas muleh sekolah, mlaku pisan sepedahe bocor”
Uti :” kok iso bocor ki piye?
Kowe ngomong karo aku kok gak basa?putu opo kowe iki? Ora duwe unggah-ungguh blas!”
Wawan :”aku yo ora ngerti,ujug-ujug ban sepedahe mbledos ing
dalan. Ti aku kesel ,mbok yo aku leren sik mangan”
Uti :”jawabmu lakok koyo ngono
ta? Tak kandakne bapak mu mengko”
Wawan :”nggeh ti aku ora popo nek ora ngrungokne bapak ngendika
ya di gepuk nggo sapu nganti aku jejeritan nangis”
Babak II
Dina
iki bapak mulih saka kerja neng luar kota. Wawan rada wedi ,nanging deweke kudu nemoni bapake
sing wis sakulan ora ketemu.
Bapake wawan jenenge
pak Hely
koyo cah nom-nom .
Wawan :”pak kabare pripun pak
sae-sae mawon ?”
Pak hely :”kowe lak wis weruh ta lak aku apik-apik
wae .”
Wawan :”karo bapake iso basa ,
karo aku ora isa ya?”
Uti :”aku teko jam 9 isuk maeng,
ana apa ta buk ?”
Pak helly :”kuwi lo anak mu ,nek karo aku ora isa basa blas,ora duwe
unggah-ungguh. Yen
karo kakunge wae ngalem-alem alus,kok karo aku ora”
Wawan :”lha uti sering ngutus aku, akeh pisan. Aku ki ya duwe
kesel pak. Njaga lan ngrawat adhik reza,ngancani kakunge , ngresiki omah
,kabeh-kabeh ki wes tak lakoni pak aku ki..”
Pak helly :”apa? Ben dina kesel? Aku luwih kesel golek duwet nggo
mangan mu ,sekolahmu,kabeh! We ki
kudune manud uti,uti ki wis tuwa ya butuh istirahat ta,wan”
Uti :”yen ora gelem nandangi sing tak utus, melua ibumu mbuh nendi saiki!
Metua saka omah iki ,aku wis ora seneng karo kowe.”
Wawan :”iya,nek aku ngerti ibuk ing ngendi , aku bakalan melu,
dhik reza tak jak
pisan ing kene adhik ora ana kancane ,ora ana sing ngurus”
Babak III
Kelas
2 sd Wawan wis ditinggal ibuk.e yen umure Reza lagi 2 tahun. Ibuke diusir
amarga awit biyen utine ora setuju yen pak hely nikah karo ibuk.e Wawan. Reza kuwi istimewa, umur setahun
deweke wis isa mlaku ngalahake bocah sak umurane nanging deweke durung isa
ngomong. Sakwise ditinggal
ibuk.e lagi ngerti yen Reza
kuwi tuli lan bisu. Atine
Wawan
ancur nyawang adhik.e. Umur 3 tahun Reza di jak mlaku-mlaku ing
lapangan karo Wawan.
Wawan :”ti
aku karo adek arep ning lapangan , dolan”
Uti :”yo ati-ati adhik.e dijogo
tenanan”
Sakwise
tekan lapangan wawan lan reza dulinan bareng, durung ana sakjam ana bocah
grombolan liwat. Dewek.e marani wawan lan ngelokne adik.e wawan.
Grombolan :”yuh mas, adikmu bisu ya,ngomong ae au au
tok hahahha”
Wawan
panggah dulinan karo adik.e deweke ora nggatekake pengenyek.an kuwi. Ing lapangan sawetara Reza leren ing suket ,wawan ngalih
nukokake adik.e jajan. Nanging
pas balek maneh Reza
nangis lan praene dleweran getih. Nangise ora bar-bar nganti omah . Reza nyobo
crito nanging Wawan
ora mudeng marang omongane Reza.
Babak IV
Awan
kuwi jam 12 Bu
Agus
nimbali wawan banjur bisik-bisik.
Bu agus :”wan
ibumu ana ning omah ku,maraa
karo adikmu tapi ojo omong sopo-sopo”
Wawan :”ha.. Nggeh bu” (kaget
campur seneng)
Ora
suwi wawan pamit dolan nyang omahe Bu Agus lan ngajak adik.e.ing kono Wawan lan Reza ketemu ibune sing wis setahun
ora cetuk.
Wawan :”ibu....”(kebek iluh)
Ibu :”wawan, reza anakku”(ibune
nangis)
Wawan :”bu dhik reza mboten
saget ngomong kalih mireng”
Ibu :”masyaallah anakku”(ibune
nangis karo meluk reza)
Akhire
ibune ngajak Wawan
lan Reza
dolan lan
nebus kangen. Wawan sengeng khire reza rada isa ngrungokne amarga diwenei alat
bantu dengar kanggo wong tuli,lan ditukokke klambi anyar lan bingkisan saking
ibune. Nanging bu Agus
menging Wawan
supaya ora ngomong bapak lan utine yen ibune mrene. Yen ngerti isa-isa cah loro kuwi ora bisa cetuk
ibune maneh. Tapi
sesuk.e utine curiga ,akhire nekoni wawan kanti wawan kesel jawab.
Uti :”kowe oleh barang-barang iki
teko ngendi wan?”
Wawan :”barang-barang iki saka
bu agus”
Uti :”ora mungkin kabeh kuwi saka
bu agus!”
Wawan :”ya ti ,kabeh saka bu
agus kula mboten ngapusi”
Uti :”titenono yen kuwi kabeeh
ora saka bu agus , sesuk wonge tak takonane dewe.”
Isuk-isuk
utine moro ning omahe bu agus lan nakoni
bu agus.
Uti :”assalamualaikum bu agus”
Bu agus :”waalaikumsalam ngeeh
sinten?”(karo buka lawang)
“nggeh wonten nopo bu?”
Uti :”aku arep takon,
barang-barang sing di gawe wawan lan reza kae opo teko nggon mu?”
Bu agus :”nggih
bu ,kula wonten rezeki dados kula maringi wawan kalih reza barang-barang niku”
Uti :”oh ngono to , yo wis tak
kiro wawan ngapusi .yo matur suwun lo ya”
Bu agus :”nggih sami-sami bu”
Babak V
Sewulan
pisan Wawan
lan Reza
ketemu karo ibune. Nanging kudu dedelik.an. Reza sansaya suwe wiwit isa
ngomong sing gampang-gampang. Ibune trenyuh lan duwe kekarep njaluk wawan lan
reza.Akhire utine meruhi yen saben wulan wawan lan reza ketemu ibuke , akire barang-barange di
buang ing tempat sampah. Bu
agus ngerti koyo ngono langsung lapor ibune. Sesuk.e ibune teko banjur ngomong
terus terang.
Ibu :”assalamualaikum”
Uti :”waalaikumsalam,
sinten?”(karo buka lawang)
Ibu :”kula..”
Uti :”ngopo kowe mrene maneh?”
Ibu :”kula mriki badhe mendhet
wawan lan reza dhateng magelang ”
Pak helly :”kowe oleh gowo bocah ii mrono nanging ora loro karo ne
,salah siji wae sing bakal melu kowe!”
Ibu :”ya aku setuju”
Pak helly :”mari wawan ujian nasional wae”
Ibu :”iya aku bakal ngenteni”
Akire
wektu sing dienteni wis teka. Wawan mung pasrah karo keputusan bapak lan ibune. Akhire wawan melu ibune menyang magelang lan reza
melu bapak lan utine. Kabeh barang-barang sing bakal digowo wis siap , ba’da
dhuhur wawan budhal menyang magelang,tangisee reza krungu banter. Deweke sedih
ditinggal kakang siji-sijine. Reza saben
dina mung nylendeh
ing pager ngerep omah karo ngenteni kang mase bali.
Reza :”masss au angeen”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar