Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA UTANG



            Nama               : Junitasari
                      Kelas               : XII-IPS 3

                      No.Absen        : 15
         
UTANG

Dening : Sumono Sandy Asmoro

Babak 1

Saknalika pak lambang kuwi kepingin nguji kanca-kancane. Kepingin weruh sing ngendi kancane sing bisa kekanca lahir batin. Pak Nargo kalebu salah sijine. Ing sawijining dina Pak Lambang sms Pak Naryo yen arep nyilih duwit limangatus ewu. Nanging Pak Naryo ora weruh yen kuwi carane Pak Lambang supaya ngerti endi kanca sing lahir batin.

Pak Lambang :"Pak Naryo aku arep ngrepoti. Akhir Desember iki aku arep sambang keluarga ana semarang. Tulung panjenengan silihi butuh limanga limangatus ewu bae,wulan ngarep dak balekake".
Pak Naryo bingung arep bales apa. Satemene jroning urip iki Pak Naryo mbudidaya ngedohi tembung utang. Rumangsa ora bisa mutusi dhewe,dheweke banjur ngrembug prekara kuwi karo Lastri sisihane.
Pak Naryo  :"Bu, Pak Lambang mau sms bapak jare arep nyilih duwit bu".
Bu Lastri    :"Arep nyilih fuwit pira pak?
Pak Naryo :"Limangatus ewu bu, tapi bapak bingung iki diutangi apa ora?
Bu Lastri   :"Sampeyan nate kandha dhewe,jarene jroning urip iki wegah utang ya wegah ngutangi. Nek dhik Lambang saiki tembung nyilih duwit ya diwangsuli baenora nduwe".
Pak Naryo :"Nanging wingi kuwi Lambang ngerti nek awake dhewe mentas dodolan sapi. Mosok arep ora dak silihi wong sasuwene iki dheweke apik banget karo kelua keluarga kene lan kerep dolan mrene. Nanging yen arep dak silihi, aku khuwatir yen lelakon kaya nalika nyekel dhuwit arisan wektu awake dhewe manten anyar kae dumani maneh,kuwi sing njalari atiku bingung".
Bu Lastri    :"Nak perkarane mung kuwi gampang. Jarene wong,kandha kanti samudana kuwi luwih gampang tinimbang jujur".
Pak Naryo :"Karepmu piye?
Bu Lastri    :"Ngene bae,pak sampeyan ngomong menyang dhik Lambang oleh-oleh e dodol sapi wingi kae wis disimpen ana bank. Dilebokake desposito".
(Pak Naryo banjur nyandhak hp mbalesi sms e lambang.)

Pak Naryo       :"Sepurane ya mbang duwit e wes dak lebokake desposito".
Pak Lambang :"Nek ora ana limangatus, satus bae ya ora apa-apa Pak Naryo".
Pak Nary        :"Bu piye iki Lambang sajake meksa utang dhuwit, nek gak ana limangatus satus dheweke ya gelem nampa".
Bu Lastri       :"Nek mung satus bae umpama diutangi ngono piye pak?"
Pak Naryo     :"Ah,senajan mung satus jenenge tetep utang bu. Wegah utang ya wegah ngutangi. Aku wegah tenan,wegah bu!"
Bu Lastri :"Wis pak wis, nek sampeyan ora gelem ya uwis kene hpne. Sms saka dhik lambang dak balesane. Perkara ngene bae aja dipikir banter-banter,darah tinggine mundhak kumat”.
(Sms e Pak Lambang mau banjur dibalesi karo Bu Lastri,kaya-kaya sing balesi sms e kui Pak Naryo.)

Bu Lastri :”Aku ora nate nyekel duit. Kabeh sing gawe mbak yu mu. Iki mau dak takoni jarene ya kari restan belanja sasi iki. Sing sabar ya, muga-muga ora kuciwa atimu”.
Pak Lambang :”Ya Pak Naryo ora apa-apa kok nak pancen ora ana. Aku dak nyoba tembung kanca lia, sing ngerti marang kahananku”.

Babak 2

(Lambang banjur jumangkah mlebu kamar, nyedaki Sari sisihane.)
Bu Sari :”Piye mas pak Naryo?”
Pak Lambang :”Jarene ora bisa nyilihi. Embuh duwit e arep kanggo apa wong bar dodolan sapi”.
Bu Sari :”Ya ngunukui rata-rata kanca sampeyan,mung mikirake awake dhewe”.
Pak Lambang :”Yawis ben,ora disilihi ora apa-apa.”

Babak 3
(Jam siji awan mendhung ireng katon gumendhul gondelan langit. Pak Projo sing wis rumangsa sepuh ora kuat mlayoake sepeda motore, banjur menggok menyang plataran omahe Pak Naryo.)
Pak Naryo :”Monggo pinarak,saka tindak endi iki mau? Kok mung ijen?”
Pak Projo :”Saka kutha,nyambangi putu,di arep-arep kok ora ana dolan. Wekase wong tua sing kudu ngalahi.”
Bu Lastri :”Niki unjukan kali cemilan disambi riyen.”
Pak Projo :”Nggeh matur suwun, pun repot-repot. Anu Pak Naryo, aku lagi wae diuji dening tangga.”
Pak Naryo :”Diuji kepriye? Lan sapa sing nguji?”
Pak Projo :”Seminggu kepungkur……..”

Babak 4
Pak Lambang lan Pak Sarmo :”Assalamualaikum Pak Projo.”
Pak Projo :”Waalaikumsalam,mangga-mangga pinarak ana apa ana apa?”
Pak Lambang :”Ngeten Pak Projo,kula nyuwun tulung panjenengan silihi kula duwit telungatus bae,mengke telungdina mari iki dakbaleke.”
Pak Projo :(mikir-mikir)”Yawis nak telungatus iki ana tapi bener ya telung dina dibaleke,sek ya dak jupuke duwite.”
Pak Lambang :”Nggeh Pak.”
Pak Projo :”Noh iki dhuwite, kanggo kanca daksilihi bae.”
Pak Lambang :”Nggeh Pak Projo,matur suwun. Nggeh sampun nak ngoten kula kalih Pak Sarmo badhe wangsul riyen.”
Pak Projo :”Oh iya,ati-ati.”
Pak Lambang lan Pak Sarmo :”Wassalamualaikum”
Pak Projo :”Waalaikumsalam.”

Babak  5

Pak Sarmo :”Ayo Pak Lambang mincing sik.”
Pak Lambang :”Ayo.”
Pak Sarmo :”Pak Lambang aku arep takon.”
Pak Lambang :”Takon apa ta?”
Pak Sarmo :”Sampeyan iki sik tanggal enom kok wis golek utangan?”
Pak Lambang :”Aku mung kepingin nguji kanca, nek padha kekanca kuwi lahir batin apa ora. Nak ana kanca sing susah padha gelem nulungi apa ora. Jebul Pak projo lulus ujian. Gelem nyilihi duwit.”
Pak Sarmo :”Sapa bae sing kok uji ngono iku?
Pak Lambang :”Akeh, lan rata-rata lulus ujian. Sing during mesti bakal dak uji, Minangka pendatang aku kepingin ngerti lahir batin e kanca-kanca kene.:”

Babak  6

(Cerita kuwi diceritakna marang Pak Projo,lan Pak Proo cerita marang Pak Naryo.)
Pak Projo :”Aku kaget sakwise diceritani Sarmo, untung aku gelem ngutangi, dadi ora kisinan.”
Pak Naryo :”Saiki wis dibaleke apa durung?”
Pak Projo :”Uwis pas telung dina dibaleke.”
Pak Naryo unjal ambekan jero. Aja-aja anggone Lambang nembung utang duwit kae ya mung kanggo nguji dheweke? Wah bakal kewirangan gedhen yen ngono.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar