Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA GLANGSING PUTIH



Glangsing Putih
Dening : Dian Darma
Nama        : Mirna Dwi Kristanti
Kelas        : XII IPS 3
No Abs     : 21

Babak 1
Kahanane sakiki malih malik grembyang . Sarni sing ditinggal lunga dening bojone sing katut wong wadon liya malih ana sangisore rini sing macak kaya nyonya-nyonya sugih.

Rini :"Ditinggal wong lanang ki ojo nglokro ! Kowe kudune bisa mandiri ,ojo gumantung marang bojomu. Wong lanang ki ra bisa dipercaya . Kene dakrewangi ceker-ceker" kandhane Rini sawijining awan nalika mampir ana warunge Sarni.
Sarni : "Lah iyo ki aku rak lagi ceker-ceker" jawabe karo ngladekake kopi marang sawijining pawongan lanang sing lagi andhok.
Rini :"Owalah sar gek sepira oleh mu saka marung ngeneki ? Apa bisa cukup nggo gandholan anakmu loro ? Warungmu mung cilik ngene ,gek dodolanmu ora pasti akeh"
Sarni :"(karo mesem) pira-pira tak tampani sing wigati aku obah ,ora pasrah , anak isih cilik-cilik butuh wragad. Lumaku alon-alon wae wong ya aku ra nduwe keterampilan liya²" jawabe ayem.
Rini ngruput teh sethithik nuli mara nyedhak sami sing ana ing suwalike meja.
Rini :"Nek kowe gelem ,aku saguh mbiyantu ngenani aku"
Sarni :"Aku ya emoh nek kan saba dhukun murih warungku laris ,durung mesti lek kelakon" (Sarni mbacutke kuatir e)
Rini :"Ora, ora kaya ngono .Kosik ta mulane rungokne olehku kandha .Kowe ki mung gel kandhane wong wae" (Rini gregeten)

Babak II
Sarni nggegem dhompete kenceng ,ngetokne dhuwit alon-alon nuli dielungne menyang bakule. Praupane bakule dhewe kok uga sajak nyalawadi. Mripate ndelenh pawangan loro lanang wadon sing ana kiwo tengen.e Sarni.

Wong Wadon :"Ngapunten Bu Sarni ,saged wawan rembug sakedhap?"
Sarni :"(nyawang) Eh kulo repot niki mbak ,lagi blanja"(gragapane sarni olehe wangsulan).
Wong Wadon :"Nanging bu Sarni kedah manut"
Sarni :"Lintune mawon mbak ,kulo repot" (sarni njranthal mlayu nganti blanjane arwp ditinggal ning durung kober mlayu tangan kiwa wis dicekel dening wong wadon rambut cendhak)
Wong Wadon :" Ora usah mlayu bu Sarni ,mundhak konangan wong akeh. Becik manut wae,mlaku alon tanpa kadenangan liyan ,kaben ora rame. Bu Sarni bisa njelasake menyang kantor polisi murih terang perkarane"
Sarni :"Kulo mboten ngertos ,saestu kula mboten ngertos"
Wong Wadon :"Mulane melu nyang kantor mengko diterangne neng kana. Kowe wis ora bisa selak maneh . Bu Rini wis blaka kandha sapa wae sing melu klebu kowe".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar