LUKISAN KANG KOPARO
Dening:
BAMBANG TRI DJAJA
Nama : Rizky Dwi Agustina
Kelas : XII IPS 3
No Abs : 26
BABAKAN
1
Ruwang
tamu iki uwes kebak uwong. Para tamu pihakke Fenti wes padha lungguh ana kursi
kang wes ditata rapi. Pranata cara bukak wiwihan, ngaturake sugeng rawuh marang
para tamu sarta ngajelentherake wiggantine pasamuan. Aku dheg-dhegan mergo ora
kulina sesorah ana sangarepe wong akeh, apa maneh sing sipateresmi kaya ngene
iki.
Rong
sasi kepungkur, danang, anak tunggalku, nilpun saka Bekasi, ngabari yen wes due
pacar. Aku nanggepi adhem, awit saka SMK dheweke pancen kerep gonta-ganti
pacar. Sing njalari aku kaget, bocah sing lagi rong taun kerjaana pabrik
perakitan mobil iku ngatag supaya enggal dilamarake.
Pranatacara
:“Nyandak adicara ingkang kaping kalih, atur pambagya saking sahibul bait.
Dhumateng ibu kinanti, wekdal kula sumanggakaken” (swara pranata cara buyarake
lamunanku)
Wanita
menganggo jarit ijo tuwo, nyamping latar ireng motif parang rusa mlaku
alon-alon tumuju tengah ruwang tamu. Dedege lencir, praupan oval, mripat
blalak, irung ngrungih, lambe tipis, janggut rada nyathi, Sempurna.
Pranatacara
:”para tamu ingkang dahat kinurmatan, wonten kalodhangan menika kulo asung
pambagya sugeng rawuh saha atur panuwuningkang tanpa upami dene
kesdungestrenipasamuwan menika. Dhumateng kulawarga mas pratomo, kula ugi
ngaturakenpanuwun ingkang tanpa umpami dene sampun kersa rawuh”
Hm,
ora kleru maneh. Kinanthi sing kagungan dalem iki wanita sing tau nyulam
benang-benangasmara wetara selawe taun kepungkur. Angen-angenku banjur
nggalmbrang marang lelakon kawuri. Tepungku karo kinanthi kena diarani ora
sengaja. Wektu semono aku mangkat kuliyah karo nyangking lukisan sing bakal dak
aturake dosen. Ujug-ujug ono sepeda motor nabrak lakuku saka mburi.
BABAKAN 2
Aku
krangkangan, sirahku mumet. Seswangan munyer seser, nganti wusanane.. pet.. aku
ora kelingan opo-opo. Nalika pungun-pungun jebul aku lagi lumah-lumah ana kamar
rumah sakit. Sikil lan tanganku diperban, semono uga sirahku. Awak rasane
njarem. Ana Kenya ayu lungguh ana kursi karo ngawasi aku.
Pratomo : “ Aku ono ngendi?” (takonku)
Kinanthi : “oh,, sampeyan wes sadar mas ?” (dheweke
nguwuh gita-gita)
Pratomo : “kowe sopo ?”
Kinanthi : “aku Kinanthi”
Pratomo : “aku ana ngendi?”
Kinanthi
:“sampeyan ono rumah sakit. Esuk mau sampeyan ketabrak motorku, nganti tiba
semaput, banjur dak gowo menyang rumah sakit iki: (jelas e deke)
Pratomo : “ oh,
dadi aku mau ketabrak motormu ?”
Kinanthi
: “ He.eh, sepurane.. aku ndak sengojo. Lah lakmu mlaku sajak kesusu, ora noleh
ngiwa nengen. Ujug-ujug kowe nyabrang dalan ngono wae, nganti aku ora kober
ngerem”
Aku
mesem kecut
Kinanthi
: “ ora perlu kuwatir, lukisane wes dak singgahake. Apa sampeyan pelukis?”
Pratomo : “ aku
isih kuliyah”
Kinanthi : apa
kuliah ana ASRI?”
Pratomo : “
He.eh” (jawabku)
Kinanthi : “
mulane gawananmu ko lukisan”
BABAKAN 3
Bubar
kuwi meh saben dina kinanthi ngancani aku ono rumah sakit nganti sak mariku.
Metu ko rumah sakit sasambunganku karo dheweke soyo raket. Dijak omong opo wae
nyambung. Kadidene mahasisiwi fakultas sastra jurusan sastra Indonesia
Universitas Gadjah Mada kawruhe kinanthi jembar.
Dina-dina
trus lumaku. Ning atiku wiwit thukul winih-wnih tresno marang dheweke. Sakawit
aku rodo gojag-gajig arep omong, amergo dheweke gelem nimbangi aku sing mung
anake guru, amergo dheweke anake pengusaha sugih, sengara dheweke gelem
ngimbangi aku sing mung anak guru. Ning nyatane aku orang mung keplok tangan
sesisih.
Sawijining
dina nalika aku lagi ketungkul nglukis ana ngarep kamar kos, dheweke teko.
Kinanthi : “
sibuk mas?”
Pratomo : “
He.eh”
Kinanthi : “
lagi nglukis opo to ?”
Pratomo : “
miturut panemumu aku lagi nglukis opo ?”
Kinanthi : “ ko
koyo arep nglukis muda mudi jaman kuno”
Pratomo
: “ heeh bener, pinter kowe. Aku lagi niat nglukis roro mendut karo pranacitra”
Kinanthi : “
nangin praupane ko during kko lukis ?”
Pratomo : “
niatku aku arep jaluk tulung sliramu”
Kinanthi
: “ ah mas prat iki ono-ono wae . sampean lak ngerti yen aku ora bisa nglukis” (mesem)
Pratomo
:“ ora dakkon nglukis, nanging dadi modhele rara mendhut. Mengko pranacitra aku
sing dadi modele”
Kinanthi
setuju. Wekasane lukisan rara mendhut lan panacitra iku rampungkinanthi seneng
banget. Aku melu seneng lan mesem
Kinanthi
: “ ora mas, sampean ko due kentreng nglukis. Rara mendhut panacitra ki dhasare
opo?”
Pratomo
: “ terus terang aku terobsesi karo lakon katernane wong loro kuwi”
Kinanthi
: “ nanging rak. Kekarone mati bareng mergotrekahe tumenggung wiraguna”
Pratomo
: “ senajan kekarone mati nanging tresnanetetep langgeng. Sebaya mukti sebaya
mati. Aku duwe panajab lakon katresnane dewe ki kaya rara endhut lan panacitra
kuwi”
Kinanthi
: “ ning yen tumenggung wiraguna teka tenan piye mas ?” (kinanthi mbeda)
Pratomo :
ah yo sngsara to dhek”
Pranatacara
:“adicara salajengipun, atur panglamar saking pihak kakung, wekdal kula
aturaken bapak Supratomo”
BABAKAN 4
Aku
menyat kabeh mripat podo nyawang. Aku nyedak mikropon. Dhadaku dgeg-degan,
nervous banget.
Supratomo
: “matur nuwun ikang ibu kinanthi ingkang sampun nampi sowan kulo sarombonga.
Kulo ugi matur nuwun dhumateng para tamu ingkang sampun ngrawuhi pasamuwan
menika saperlu nyekseni panglamar kulo. Mugi ndadosno kawuningan, kulo
sarombongankaraya-raya sowan ibu Kinanthi, saperlu ngalamr putriipin inggih pun
gendhuk Fenti, kange anak kulo danang katampi lan mbotenipun kulo pasrahaken
dumateng ibu Kinanthi, nuwun”
Kinanthi ngadeg
maneh
Kinanthi
: “ matur nuwun dateng mas pratomo ingkang sampun kersa paring kawigatosan
dating anak kulo. Nanging batur wangsulan kulo, kersa sabar sawetawis wekdal,
amergi wonten bab-bab ingkang badhe kulo rembag kalian mas Prat. Dhumateng para
tamu monggo kulo aturi ngrahabi pasugatan ingkang cumawis”
Nalika para tamu
awit pada ngrahabi dedgaharan, Kinanthi mrepegi aku.
Kinanthi : “ ayo
lenggah jobo ae mas, golek nggon isis: (pangajake)
Kinanthi lungguh
ana bangku taman ing ngisor wit pelem, aku melu lungguh ing sisihe.
Kinanthi : “ aku
nyuwung pangapura yo mas, ora bisa menehi wangsulan”
Pratomo
: “ ora dadi ngopo, wis samestine wong tuwo mikirake dina tembene bocah. Dangan
mung buruh pabrik oran bisa njenjeke opo-opo marang Fenti”
Kinanthi
: “ dudu kuwi masalahe mas. Sampean ngerti dewe aku ora tau mentingake bondo
donyo. Sing wigati, angger kekarone podo tresnane lan gelem nompo opo eneke,
kuwi wis luwih soko cukup”
Pratomo : “
danang tresno banget marang Fenti” (kadhaku)
Kinanthi : “
semono ugo Fenti”
Pratomo : “yen
ngunu kurang opo maneh?”
Mripati kinanthi
nyawang kembang-kembang kang podo mekar. Swasana amem. Sing keprungu ocehe
manuk tilang.
Kinanthi : “ ana
bab sing kudu ko mangerti mas, sejatine Fenti kuwi..”
Pratomo : “
Fenti kuwi opo dhek ?”
Kinanthi : “
Fenti kui duduk anake tumenggung wiraguna”
Pratomo : “ he
?! njur anake sopo ?
Kinanthi : “
anakku karo panacitra”
Lirih wangsulane
Kinanthi, nanging timprapku serune ngungkuli swarane bledeg mongso tigo.
Pratomo : “ kowe
yakin ?”
Kinanthi : “
yakin, awit om gun impoten”
Pratomo : “
Gusti nyuwun pangapura” (pangrintihku
karo nutupi rai nganggo epek-epek tangan)
BABAKAN 6
Sapandurat
aku iling naliko lebar surup Kinanthi teko menyang kos kosanku karo
tawang-tawang tangis. Wose madul yes dipekso bapake rabi karo relasine bisnis.
Kinanthi
: “ bapak kapulet utang milyaran karo om gun. Yen nganti minggu iki bapak ora
bisa nglunasi utang-utang e, om gun arep gowo masalah iki menyang jalur hukum,
kejaba yen bapak ngulungke aku minangka gantine utang-utange” (ngrungket aku
kenceng)
Tangise saya sora. Ing jaba udane wiwit niba .
iblis lunjak-lunjak gegindro. Lampu kamar sarto lukisan kang pating centhel
marang tembok obah-obah. Dhipan nyuwara kekrotan. Kabeh wes kelakon.
Pratomo : “
bajur kapiye keputusanmu dhik? (aku melu bingung)
Kinanthi : sing
cetho bocah loro kui ora bisa dirabekake”
Aku uncal ambekan.
Nuli
BABAKAN 7
Pratomo :
resmine danang pancen anakku, dhik. Nanging dudu getih dagingku”
Kinanthi : “ apa
maksudmu mas? (kiannti nyawang aku tajem)
Pratomo
: “ sapungkurmu biyen bapak rawuh kos-kosan. Bapak ngendika yen menawa pak
bunyamin, atasane bapak, nyuwun tulung supaya aku nikah karo,siswanti, putrane
mbarep. Sing wis ngandut dhisik. Mengko yen bayine wes lair aku kena megat
dheweke. Bapak wis kapontang budi akeh banget karo pak Bunyamin. Wekasane aku
sido rabi karosiswati. Sekawit aku arep megat dheweke menawa bayine wes lair.
Nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresnaku marang dheweke. Aku ngerti menawa
siswanti iku bocah apik , bekti karo bojo, atine kebak rasa welas asih. Saya
maneh bareng bayine lair, tresnaku saya ngrembaka. Mula sakteruse danang
dakrengkuh kaya anakku dewe, eman siswanti wis dhisiki kangandut”
Kinanthi
: “ om gun semono ugo mas. Senajan dheweke ngerti yen Fenti kui dudu anake
dewe, nanging gelem nompo aku kanthi tulus. Malah fenti dianggep iso nutupi
kekurangane mas gun”
Pratomo : “
kapan garwamu sedo dhik ?”
Kinanthi
: “wetoto setaun kepungkur. Wektu semono om gun tindak menyang pedalaman papua
separlu ninjau proyek sing arep wiwit digarap. Nanging nganti saprene pesawat e
ora bali lan ora ditemokake”
Pratomo
: “ banjur saiki piye ? apa sliramu gelem nampo danang dadi mantumu ?”
(pitakonku)
Kinanthi : “ mas
prat menapo tego misahake Fenti saking Danang ?”
Pratomo : “ aku
sig nglamar, awakmu sing due hak mutusake”
BABAKAN 8
Kinanthi
mesem banjur miyat mlebu omah. Aku ngetut wuri lakune, nalika aku sakloron
tekan ngarep lawang. Fenti nungk kanthi ora srantan.
Fenti : “ kados
undi bu ?”
Kinanthi : “ ibu
ora wenang misahake kowe saka danang”
Fenti : “
maturnuwun bu” (ngrungket Kinanthi kenceng)
Danang : “ pak
kula aturi tindak ngriki”
Dumadakan danag
celak-celuk saka ruwang kaluwarga. Aku moro ditutake Kinanthi.
Danang
: “ cubi dipun pirsani, lukisan menika mirip sangetkalihan panjenengan” kandhan
e danang karo nduduhake lukisan kang cementhel ana tembok. Aku nyawang lukisan
mau, lukisan Panacitra.
Aku
kelingan, isuk kui nalika Kinanthi pamitan mulih. Dheweke njalok fotoku kanggo
kenang-kenangan. Rehene aku ora nduwe, mula lukisan Rara mendhut Panacitra dak
takparo. Likisan Panacitra dak gowo Kinanthi dene lukisan Rara mendhut
daksimpen dhewe. Ah, lelakon kui wes mungkur seprapat abad.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar