Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA PUTER LUMUT



Nama                             : Aprilia Kurnia Putri
No. Abs                         : 07
Kelas                              : XII IPS 3
Judul                    : Puter Lumut
Nama Penulis       :Narko “Sodrun” Budiman


Dialog
Babak 1
 ( Minggu esuk. Pak badrun nyawang swarane sepedha motor mandek neng latar ngarep)
Dian            : Kulanuwun, Paklik,
Pak Badrun : Mangga, kowe to Le ? Kene mlebu kene
Dian            : Dipunutus ibuk mbayar rekening Jayabaya
Pak Badrun : Mengko rada awan aku ngeterne mrana kok, penak mengko wae pisan lho Le
Dian            : Oh ngoten nggih sae Paklik.
Babak 2
 (Dian weruh manuk peksi puter ing daleme Pak Badrun )
Dian            :Niku peksi puter ta ?
Pak Badrun          : Haiya, kok kira manuk cucakrawa pa piye?
Dian             : Ngingah peksi niku sing berkelas ngoten lho, Paklik. Disawang sae, ocehane dimirengne nggih sekeca.
Pak Badrun  : Walah, Le. Manuk kuwi mung klangenan. Apa wae jenise arane    ya panggah manuk.
Dian             : Leres, Paklik, tapi lek sekelas penjenengan. Pangapunten lho,kepala sekolah kondhang mosok ngingah peksi kok puter. Unine kuuk..geruuukk...kuukk..kuk..gerukk..kok... blas mboten level, Paklik.
Pak Badrun  : Peeh, ukurane Dian ki jian empuk dirungokne ning atos yen di rasakne. Le ngingu manuk kuwi kaya numpak sepedha motor. Motor anyar karo sing lawas epret-epret kae yen ngliwatidalan gedhe padha lho regane dimata polisi lalu lintas. Paham kowe ?
Dian            : Paham, paklik. Nggihsami urusan adminitrasine ning rasane nalika numpak niku lho sing beda.
Pak Badrun    : Ngomong karo bocah nom-noman saiki jian marahi konslet. Senadjan manuk puter sajodho iku ngendhog ora tau taktetesne.
Dian             : Sing sae niku ngingah paksay, labed, Kenari nopo jalak, ngoten lo paklik. Puter niku diseleh wingking mawon .
Babak 3
 ( Durung nganti Dian pamit. Ujug ujug ana sepedha motor mandeg neng plataranku.)
Pak Kusni      : Kulanuwun
Pak Badron              : Nuwun sewu, panjenengan daleme pundi mas?  
Pak Kusni        : Anuu.. anu.. Ngunut, Pak. Eh, ngapunten niki wau kesusu.
Pak Badrun      : Nggih sareh, sareh riyin. Sumangga pinarak mlebet griya
Pak Kusni        : Eh, anu.. nggih maturnuwun. Mriki mawon.
Pak Badrun      : Hallahh mangga ta . aweh pamrayogaku grapyak.  Ayo nak Dian , melu pinarak njero kene ben nggayeg lek jagongan.
Pak Kusni        :  Niki seng kula padosi Pak. Cocok kalih impen kula wau dalu. Pak Badrun, peksi niki mpun dangu ta lek ngingu ? Pinten taun ?
Pak Badrun      : Etungane taun kula sampun supe wiwit kula dereng omah omah. Enten napa ta ?
Pak Kusni        :  Pak Badrun ngertos lek peksi niki  dudu sembarang puter kados biyasane ? Niki angsal mboten angsal ajaeg kula tumbas, Pak  Badrun .Kula nampi pralampita wau dalu ing pripenan kedhah mendhet peksi puter saking ndalem mriki. Jane kula kedah nyolong peksi niki sakkurunge yen manut impen, nanging kula wegah digepuki warga mriki, napa kenging urusan polisi . Mila, peksi niki sing aran peksi puter lumut kulo tumbas. Sajodho lan sakurungane pisan.
Pak Badrun       : Mas Kasni kok sajak pana kalih peksi napa nate bakulan?
Pak Kusni        : Sanes, Pak Drun. Kulo karyawan griya sakit. Ngertos kulo bab manuk niku nggeh saking impen. Jian jlentreh sak estu.
Pak Badrun      : Nitik pawongane pancen Pak Kasni iki dudu pedagang uga dadi petani.aku percaya awit, tekane iki mau sik nganggo sepatu lan jakete ireng. Jare mambengi piket ing rumah sakit terus ngimpi dikon mara nyang omahku njupuk manuk puter.
Pak Kasni        : Puter lumut utawi puter Geni niki pak jenise. Regane teng pasaran mung satus seket sewu sajodho. Titikane ulese  awag abang mbata. Niki gadah kalung ireng kombinasi putih.pener endhase rada abu abu sitik . lha iris mata rupa jingga. Nitik ciri cirine pancen niki puter Lumut utawi puter Geni. Lha  niki sikile rupa abang. Istimewane puter niki saged muni tigang swara ning umume kalih. Niki pripun yen kula tumbas nem atus ewu sajodho Pak Drun
Pak Badrun       : Ah mpun guyon ta mas ? niku manuk klangenan.
Dian                 : Nggih Pak lik njenengan paringne. Jenengan dol luweh larang pak lik
Pak Kasni        : mboten napa napa, kula tuku 800 ewu sajodho
Pak Badrun      : Nuwun sewu, aku ora pingin kelangan manuk iki . suk wae yen ngendhong lan netes bakal tak terne nang nggonmu  mergawe ing RSU Iskak.
Pak Kasni          : Nggih sampun. Kula pamit riyen .
 ( Dina senin esuk e. Sadurunge budhal kantor kaya biyasane Pak Badrun menehi banyu omben lan jagung . puter lumut sajodho wis njekangkang mati dirubung angkrang neng jero kurungan. Pak Badrun mung bisa ngucap Subhanallah... meruhi gulune manuk sajodho kuwi ana tanda tandhane ditekeg driji.)  


Tidak ada komentar:

Posting Komentar