Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA UTANG



Nama : Esti Ika Wulandari.
Kelas : XII-IPS 3
No. Abs : 13
UTANG.
Dening : Sumono Sandy Asmoro.

          Babagan pertama : Ing jero omahe Pak Naryo.

(ing sawijining dinaPak Naryo ngrembug karo Lastri nalika oleh SMS saka Lambang yen dheweke arep nyilih duik 500 ewu marang Pak Naryo.)
Lastri :”sampeyan nek nate kandha , dheweke yen urip iki wegah utang ya wegah ngutangi. Nek dhik Lambang tembung nyilih duek, ya diwangsuli ora duwe bae.”
Pak Naryo : “Nanging wingi kuwi Lambang ngerti nek awake dewe mentas dodolan sapi. Mosok arep ora dak silihi.”
Lastri : “Ngene bae Pak. Sampean ngomong yen duit oleh-olehe adol sapi wingi kae wis disimpen ana bank.”
Pak Naryo : (manggut-manggut sajak e sarujuk banget marang bojone.) “iyo ya , ngunu ae bu.”
Babagan keloro : “Ning kamar.”
(Pak Naryo sing nembe wae arep mapan turu, sajak kaget banget maca SMS saka Lambang. Lambang meksa banget utang duek , yen gaonok 500 ewu  100 ewu ya gakpapa.)
Pak Naryo : “Bu,  piye iki, Lambang sajake meksa banget utang , nek gak 500 ewu , 100 ewu dheweke
      ya gelem.”
Lastri : “Nek mung satus bae umpama di utangi ngono piye pak?”
Pak Naryo : “senajan mung satus jenenge utang ya panggah utang bu. Wegah utang ya wegah ngutangi aku bu.”
Lastri : “wis-wis pak. Nek sampean ora gelem ngutangi iyo wis . kene Hpne . SMS saka dhik Lambang dak balesane.” (banjur balesi SMS teka gone Lambang.)
Babagan telu : “ning omahe Lambang.”
( Lambang lungguh thenguk-thenguk sinambi udut sak wise nyeleh HP ana duwur meja.)
Sari : “piye mas , Pak Naryo.”
Lambang : “jarene ora bisa nyilihi . embuh duekke arep kango apa wong bar dodolan.”
Sari : “ya ngono kuwi roto-roto koncone sampean , mung mikirake awake dewe. Samar yen awake dewe ora bisa nyaur.”
Lambang : “ya wis ben, ora papa.”
Babagan papat : “ning emper omahe Pak Naryo.”
( Pak Projo sing wis rumangsa sepuh ora kuat mlayokake motore kanthi banter , pilih ngaso dhisik
mampir ning omahe Pak Naryo.)
Pak Naryo : “mangga pinarak , saka tindak endi iki mau kok mung ijen?”
Pak Projo : “saka kutha, nyambangi putu. Di arep-arep kok ra ana doglan sambang rene. Nganu Pak Naryo , aku lagi wae diuji dening tangga.”
Pak Naryo : “diuji kepriye lan sapa, sing nguji ?”
Pak Projo : “aku diuji kaliyan lambang dheweke arep nyilih duek gonanku seminggu kupungkur kae. Arep gak tak silihi aku sungkan karo Sarmo, marane karo Sarmo gonku.”
Pak Naryo : “iyo winginane yo arep nyileh duit aku tapi ora  tak wenehi.”
Pak Projo : “tibakne Lambang iku arep nguji wae sapa sing konconan lair batin lan ora.”
( Pak Naryo unjal ambegan jero. Aja-aja anggone Lambang tembung utang dhuwit kae ya mung kanggo nguji . wah , bakal kewirangan gedhen yen ngono.)







Tidak ada komentar:

Posting Komentar