Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA CARANG AKING



Nama             : Niken Fenisia Antasalwa
Kelas              : XII-IPS 3
No abs           : 23
Carang Aking
Dening : Narko “Sodrun” Banuroseman

BABAGAN 1
Sawijine dino ana wong lagi sholat subuh, durung sempet ngebarake lek dungo, wonge ngira ana sing celuk-celuk .
Mbak yu : “Ben.. Benu,,,”
Benu : “iyo mbak yu, sik!!” (cepet-cepet karo ngelempet sajadah lan sarung)

BABAGAN 2
(Mara menyang omahe simbok.)
Benu : “ana apa mbak yu?” (pitakonku karo nyawang simbokku, sing lagi gerah)
Mbak yu : “ben, mbok gerah e soyo nemen, ambekane sesk.”
Benu : “wis ayo digowo menyang puskesmas bae, ben ndang oleh pitulungan”
Mbak yu : “yo wis ayo...”
( Simbok, mbak yu, lan Beni langsung budhal menyang puskesmas)
Benu : “alhamdulilah.. Simbok wis rodok nglonggarake nafase.”
Mbak yu : “iyo eg Ben, tapi pie iki mau dino libur, ora ono dokter jaga!”
Beni : “lah yo kuwi mbak aku yo bingung”
( Sak wis e oleh pertolongan sementara teka puskesmas simbahku banjur dak gowo menyang rumah sakit.)
Benu : “matursuwun, bantuwanipun kangge simbok”
Perawat : “sami-sami pak”

BABAKAN 3
            Tekan rumah sakit umum, simbok langsung mlebu IRD. Ing ruang darurat wis kebek pasien, simbok digawa melbu ruang ICCU.
Dokter : “ Pak Benu, Simbok pak Benu kenek serangan jantung”
Benu : (rodok kaget, amargi simbok ora tau prikso yo ndak duwe tanda-tanda duwe penyakit jantung) “punopo keadaane saget eco maleh?”
Dokter : “ insyaallah, kulo tinggal rumiyen”
Benu : “inggih-inggih mangga, matursuwun”
            Saka ICCU kahanane simbok wis lumayan apik banjur dipindah rawat ing ruang rawat Dahlia.
Benu : “alhamdulilah mbak yu, simbok wis rodhok apikan.”
Mbak yu : “iyo, alhamdulilah”
            Mara-mara ana pawongan sepuh, klambi batik rupa ijo pupus, sandal jepit nyedhaki aku
Kaji sholeh : “nyuwun sewu”
Benu : “inggih, sinten?”
Kaji sholeh : “kulo mbah kaji Sholeh. Sinten ingkang gerah?”
Mbak yu : “simbok kulo, gerah gejala jantung mbah.”
            Kaji sholeh banjur mekarake epek-epek kiwane. Dideleng tesmak banget.
Kaji sholeh : “(komat-kamit) pun samang padosake gedhang emas lan undur-undur. Didhahar enjing lan sonten.”
Benu : “lha saniki tasih ditangani dhokter ngonten lho, mbah?” (panyela Benu amarga ora mudheng)
Kaji sholeh : “leres, pados jampi niku mboten medhis mawon, alternatif nggih kudu kangge srana waras.”
Benu : “inggih mbah.”(bener tenan dhawuhe mbah sholeh)
            Dhadakno kaji Sholeh ugo nambani pak Anwar, konco sakamar seblah e simbok.
Bu Anwar : “nopo nggih mbah jamu dhamel garwa kulo?”
Kaji sholeh : “Iki jampine mayar. Lek pados dhewe murah, yen tumbas paling nggih rong atus seket ewu ampun angsal”
Bu anwar : “nopo niku?”
Kaji sholeh : “mang padoske daging garangan, dipangan sak atine. Le ra mandi, suweken lembene pak kaji iki!” (kanthi semangat mbah kaji nemplekne drijine kaya-kaya ngiris ambene dhewe.)
Bu anwar : (mantuk-mantuk)
(Benu, mbak yu, bu anwar lan kaji sholeh lungguh-lungguh bareng karo geguyonan)
Kaji sholeh : “anu, sampeyan nyambut damel nopo? Sampeyan ya napa?” (piatkon nuding Benu lan Mbak yu.)
Mbak yu : “kulo Iyah pendamelan kulo bakulan jajan diterke twn warung-warung mbah. Lek adhik kula niki Benu nyambut dhamel srabutan.”
( Mbah kaji mbuka epek-epek tangane karo umik-umik )
Mbak yu : “nanging apa iya saiki dodol es maneh, apa maneh menyang ngarep omah. Tanggane wis akeh sing sadean.”
Mbah kaji : “mboten napa-nap, ten mriki kathah tiyang dodol sate, bakso. Sami celah, kok iyo podho laris.”
Mbak yu : (mantuk-mantuk)
Mbah kaji : “Nak Benu iku pantes dadi guru, guru ngaji umpamane.”
Benu : “guru ngaji? Ngaji mumpung?” (batine Benu)
Mbah kaji : “kulo mriki wau dijak tiyang, nambani yogane kengeng DeBe.”
Benu : “loh lah mboten dipadosi kalih sing ngajak mbak?”
Mbah kaji : “kulo jenuh, bar njempeni nggih kulo damel medal ningali tiyang sakit. Sapa ngerti ana sing merlokne tetamba. Saged kulo mbantu tiyang sanes namung amal. Sing ngajak kulo, mboten nglarang kulo mubeng-mubeng ngeten niki.” (kandhane kaya-kaya aweh penjelasan pitakon e atiku.)
( Benu Mbak Yu, lan Bu Anwar amung mangut-mangut )
Mbah Kaji  : “niki mpun wedhal asharan, yen sampean pingin kulo lantarake nyambut damel niku, sampeyan tumbasake menyan madu sak-ons mawon. Niki kulo sukani yatrane” (kandhane karo ngrogoh sak)
Benu : (nolak dhuwit sing dak paringi Mbah kaji) “mboten mbah niki sampun.”
            Sak durung e metu Benu isih kober nginguk simbok, karo pamitan nyang jero atine.

BABAGAN 4
            Sak wise yuku menyan madu Benu balik menyang rumah sakit, nanging sing dijujug dudu kamare simbok tapi masjid, anggone marani mbah kaji sing lagi sholat ashar mau.
Benu : “peh ndang dak kekne menyan madu iki menyang mbah kaji, bubar sholat ashar mestine dongane tambah mujarab.”
(tinimbang nganggur, Benu banjur sholat ashar pisan.)
(bubar sholat ashar, mbah kaji iseh lungguh timpuh, ndhingkluk.)
Benu : “kok suwe tenan ya mbah kaji anggone dungo.”
(akhire Banu mara menyang kamare simbok)
Mbak yu : “wis intok menyan madune?”
(durung sempet Banu nyauri mbak yu, ana pak satpam sing mara menyang kamare simbok)
Satpam : “pak saget nderek kulo” (ajake pak satpam karo gandeng tangane benu, tinuju menyang masjid)
            Satpan iku mau duduhi yen mbah kaji wis ora koncathan nyawa. Benu dinuga, ngerti larah-larahe mergo metu saka masjid sajak kesusu. Benu dadi sakri gumlethake carang aking.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar