Selasa, 30 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA NGASAG



Judul Cerkak       : NGASAG
Dening                 : JMV Sunarjo
Nama                   : Dwi Murtiningsih
Kelas                    : XII IPS 3
No Abs                 : 11

Percakapan Judul "NGASAG"
Srengenge durung mlethek. Ora peduli hawa adem, wong wadon telu iku nadyan esuk isih adhem, terus wis padha mudhun ing sawah pinggir jalan lisma oran adoh saka ngarep polsek.
Kadarsih:" saumpama gelem mbabat pari ing ngarepe iya bisa".( nanging ora dilakoni)
Paniyem:" ojo yu senajan awak dewe wong cilim tapi awak dewe isih duweni sifat jujur sing gemang pek-pinek duwekin liyan."
Kadarsih:"iyo yu luweh becik mangan gaplek tinimbang nyolong jupuk dhuweke pawongan liyo."
Sukirah:"beda banget karo panguripan wong-wong gedhe.
Kadarsih:" iyo yu nsnging piye maneh awak dewe yo mung wong cilik iso op ."
Kaya wes semayan, wong wadon telu iku leren anggone ngasag, munggah saka sawah ngeyup ig ngisor wit slobin gedhe.
Paniyem:"lawoh-em apai yu sih ?"
Kadarsih:"lha iki ta yem, brengkes pidhang, oleh-oleh kakang-em saka pasar dhek ingi."
Paniyem:"padha, aku ya sangu peda sambel klapa, kok yu."
Sukirah: lha ya ta nyem. sampeyan iki risih duwe bojo, anak siji wis omah-omah kathik yo duwe kayo dewe, kok isek ngasag."
Pariyem:"ora ngunu yu Rah, aku isih kepengin mangan kayane dhewe. Turneh sabisa-bisa ki aku aja nganti ngrewoti anak."
Sukirah:"sing pariyem iki yo ngunu, senajan randha ning anak wedhok loro wis ana sing mengku kabeh, kok yo melu-melu aku kedungsangan ngasag pari ki yo geniyo leh?"
Kadarsih:"Eee.....ben dha seneng mumpung isih enom. Kayane ben di klumpuake, ojo direwoti."(wangsulane kadarsih karo ngulu sego).
Sukirah:" Ealah yo nek mengkono kie yo apik yu rah, yu nem."
Kadarsih:"ugh...ugh...ugh!"(kadarsih watuk-watuk merga keselek).
Pariyem:"alon yu. Diombeni ki lho banyuku isih!" (pariyem nawani ngombe kadarsih aing keselek).
Kadarsih:"banyuku ya isih kok!" (wangsulane kadarsih terus nglangga banyu putih saka botol plastik isi 1.500 ml iku).
Pariyem:" aja kesusu, mangan kayane dhewe wae lho kok yo nganti keselek. Kok kaya mangan beras raskin ae sereten."
Kadarsih:" iyo yu, halah....segere!" (kandhane maneg karo ngelus-elus gorokane).
Sukirah:" aku ya tau krungu tembung beras raskin ki, ning durung tau weruh wujude. Beras raskin ki beras sing kepriye, ta?"
Kadarsih:" Raskin ki tegese beras miskin, yu. Iku lho beras jatah saka negara nyang wargane sing miskin."
Sukirah: (durung nganti tutug anggone nerangake, keterangane kadarsih wis di punggal deng sukirah. "Ooo sing liwat RT kae ta. La wong mlarat kaya aku ki kok ora tau kejatah."
Kadarsih:" ora mung sampeyan thok yu sing ora kejatah. Kluwargaku, kluwargane pariyem barang ki ya ora kejatah wong ora kecathet neng kelurahan."
Paniyem:" sing kecathet entuk jatah ki ya mbuh sing ke piye, aku gung ndunung."
Kadarsih:"lha kae tanggane anakku sing dadi satpam kathik sing wedok dadi pelayan toko kae, pedhak-pedhak oleh jatah. Mungka uripe ya wis klebu cukup."
Sukirah :" iya ya, ora adil ngono ki jenenge"
Kadarsih:" kerabate sing kuwasa iku apa."
Paniyem:" halah, wis ora sah digunem, kleru omong ciloko mengko."
Sukirah:" senajan urip rada rekasa. Ning rak waras ora peyakiten."
Kadarsih:" iyo yu, mergo sing dipangan awak dewe ki barang khalal metu saka kringete dhewe."
Sukirah : “ Jajal deloken tanggaku kae. Sing wedok meteng e bededek gedhe penyakiten, sing lanang nek mlaku nyeret-nyeret lek keple.
Paniyem : “ Lha kok iso koyo ngunu merga opo?”
Sukirah : “ Mergo sing melbu njero weteng e barang haram
Kadarsih : “ Iyo eg yu. Lha kae wong tangga RT kae, sing lanang ndekem nang buwi mergo korupsi malah nukokake anak e wedok mobil anyr kinyis-kinyis.”
Paniyem : “ Halah-halah. Wong-wong ngunu iki rai gedheg gag duwe isin
Sawise dirasa cukup anggone leren lan kisen wetenge, tanpa komandho wong wadon telu iku mudhun nyang sawah maneh anggone ngasag ngelumpukake keceran pari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar