Rabu, 31 Januari 2018

DIALOG CERKAK BAHASA JAWA



 NAMA      : WINDA NUR SYAMSI
NO.ABSEN :     2 9
KELAS : XII-IPS 3


.Titin Apuranen Aku
  Dening: Satyatama
  Majalah Jaya Baya
 Minggu 3 Agustus 2016


                               Babak I
Wilujengan sewu dinane bapak wis rampung,aku enggal nyuwun pamit ibu lan keluargane adhik.aku matur yen liburan sekolah anakku arep takjak sowan eyange,ngiras pantes rekreasi.
Ibu  :" Aja lali suk liburan Desember,aku wis kangen karo Santi lan Toni"
Aku : "Inggih Bu,nyuwun pangestu,"
Wangsulanku ,banjur marani ipeku sing wis siap ngenterke nganggo sepedha motor.
                            Babak II
Tekan panggonan travel,penunmpang wis akeh, ning isih padha lungguhan.
Aku: "iki memgko budhale jam pira Mas?"
Takonku marang sopir,amarga durung ana tandha-tandha enggal budhal mangka wis jam sanga luwih.
Sopir: "sekedhap malih Pak,ngentosi penumpang saking Cangkring"
Aku: " Jane jam sanga ta?Yen mundur terus, tekan Surabaya kawanen lho,jam setengah wolu wis mlebu,"
Protesku. Sopir meneng. Apa penumpane pancen kurang. Aku ora ngerti. Arep mulih dina Minggu mesakake ibune bocah-bocah, ndah repote momong cah loro. Kok ya ndelala rewang mulih pisan, alasane dulure duwe gawe mantu.
 Sopir travel nyedhaki bos sing nyekel gangang telepon, tangane aweh tandha supaya meneng.

Bos: "Entenana sadhela, paling suwe sepuluh menit, penumpang kon mlebu"(perintah bos)
Sopir: " Mangga,sedaya sami minggah, wingking dipunlenggahi riyin, nggih, tiyang sekawan. Mangga Pak,panjenengan tengah kemawon,"( printahe Sopir,penumpang wiwit mlebu).
Aku:" Lho yen ora enggal budhal, aku neng njaba dhisik, sumuk,"( aku isih semata.)

Takwaspadakne penumpang liyane kok manut men ta. Ora ana sing protes kaya aku. Sing lungguh mburi iya anteng, isih mudha lanang kabeh. Sing lungguh cedhak sopir sawijining bapak sing wis cukup umur,dene mburine sopir ana priyayi sekalian kakung-putri karo putrane siji.
Sopir: " Sampun ta Pak, mangga sedaya sampun mingah,mangga,"( printahe setangah meksa)
Kepeksa aku manut. Sopir marani Pak Bos sing isih telepon -teleponan. Pak Bos ngomong sing aku ora ngerti. Sopir manthuk-manthuk,njur mlebu nggon stir.
Sopir: "saking Cangkring sepedha motore gembos, ngampiri riyin ,langsung bidhal," (kojahe sopir, ning ora dakrungokake.)
Elf tleser-tleser budhal arah ngalor.
Sopir:"Halo, mbak Tin, ya ya ya neng ngendhi cedhak tokone Pak Pardi,ya . Ya oke, beres Mbak."     
Elf bablas ngalor. Krungu jenenge Tin disebut aku nggronjal, aja -aja Titin sing dicritakake Bambang ipeku mau awan. Ah ora,dudu,dudu Titin putrane sing dak -kosi neng es-em-a biyen.
Elf mlaku rada banter bareng nyandhak dalan makadam mlaku alon, menggok nengen katon ana wong loro lanang- wadon ing cedhake sepedha motor kena sentronge lampu elf. Sopir mudhun,nampani tas, njur dilebokake bagasi. Wanita mau mlebu Elf,tanpa sangga runggi lungguh ing sisih tengenku karo noleh nyang aku. Atiku ngedhap, aku ora lali iki nak Titin Wahyuningsasi sing tau ngrenggani atiku nalika semana.
Titin: "Mas Widodo, ngalali apa lali",( tembunge lirih nanging cetha )
Aku: "Njenengan Dhik Titin putrane Pak Dawan sing takdhereki biyen? "( sambungku)
Titin: "Bener, aku Titin sing njenengan jarne sawetara taun kepungkur, "( wangsulane, wiwit mbukak cathetan lawas)
Aku yakin yen iki Titinku biyen nalika ana es-em-a. Kena apa ketemu neng kene,kena apa gelem urip ing desa, njur kene wis nikah apa durung? Yen wis nikah momongane pira?
Titin:"Pangapuntene, mau awan ora rewang wilujengane Bapak. Kuwatir ketemu Mbakyu,"(sambunge maneh)
Genti aku sing bingung kudu ngomong apa,sapolah- tingkahku kok sarwa salah.
Aku: "Ora apa-apa,"(mung iku tembung sing kawetu)
Lembaran lawas bali ngegla. Aku ujian es-em -a,dheweke ujian es-em-pe. Aku semester enem dl-eke lulus es-em-ka ekonomi. Lulus es-em-ka dheke ra neruske,kari ngenteni lamaranku.
                          Babak III
Elf mlaku ngulon arah Pacitan. Tekan Dasri, ana penumpang siji maneh,lungguh sisih kiwaku. Ngumbul wis kliwatan,mlaku lan mlaku terus. Sadurange pasar kewan Tulakan menggok nengen, ora metu Pacitan ning metu Wonokarto, Montongan tembus Slahung. Elf menggak-menggok, munggah-mudhun,kandhang menggok ngeget,liwat dalan penggunungan. Titin lungguhe saya mepet.
Mudhun Slahung dalan wiwit penak, lakune Elf wiwit anteng
 Bengi saya nglamgut,penumpang liyane wiwit ngantuk. Titin isih lendhetan ing pundhak, melek sithik ngucap alon,
Titin: "mas"(njur ambyuk ing pangkonku.)
Tangan tengenku di candhak dipapanake pernah sirah.
Insting tanganku ngelus-elus rambute sing kentel. Penumpang sing liyane wis pra nggape,wis katrem karo impene dhewe-dhewe Ora mung iku malah tangane karo pisan nyekeli bangkekanku tanpa sangga runggi. Jam rolasan Elf tekan Caruban menggok ing restoran. Restoran mau rame,pancene nggo lerene para penumpang Travel.
Titin kriyip-kriyip,nyawang aku sedhela njur ngucap
Titin: "Nyang mburi sik Mas!"(pangajake)
Aku: "iya, ayo,"(wangasulanku cekak)
Aku njur ngeterke dheweke. Sopir Elf ajak-ajak penumpang lan aba mbokmenawa ana sing pengin nyang buri. Aku njur ngeterke Titin leren ngombe sawetara. Ora akeh sing diomongke,ning sajake nyimpen omomngan sing aku dhewe durung pana.
Titin: "Suk Senin takenteni ing panggonan iki,yen bisa sadurunge jam siji,janji ya Mas,"(karo ngetokake kertas saemper kartu nama)
Aku: "iya aku janji"(wangsulanku manteb karo nampani kertas mau)
Titin:"aku percaya, njenemgan ora bakal mblejani sing kapindho,"(tembunge kalem nanging nujem pulung ati)
Aku: "titeni wae,endi sing teka dhisik"(aku emoh kalah)
Sedawa dalan nuju Surabaya wong loro meneng. Nyandhak jam papat Elf wis teka Krian, bablas nyang kawasan perumahan Gunungsari ngeterke penympang .Lho kok Titin, iki omahe sapa?
Titin: "aja lali Senin,iki daleme bulikku,"(omomge cekak mudhun.)
Aku: "aja kuawatir, salam kangen Bulik,"(wamgsulanku)
Elf nuju Karang Empat mudhunake penumpang ing tlatah Mojo,njur menyang omahku ing Bratang.
                   Babak IV
 Sesuk isuk isih Sabtu,Minggu lagi Senin. Ah rasane kaya setaun...
Ing sawijining lobby hotel dalan Rajawali Surabaya, aku dimanggakake karo resepsionis dituduhake. Ing panggonan kang wis sumadhiya. Ora let suwe ana pelayan nyuguhi es jerukvrong gelas.
Titin: "Diunjuk Mas"
Ana wanita manggakake,mripatku kedhep-tesmak.aku kalah dhisik
Titin: "Wah,njenengan jan satria tenan,ora kleru pamilihe Mbakyu,"(omonge alus)
Nanging rasane nempeg rai,kemranyas. Titin sing dakadhepi iki dudu wanita desa,nanging wanita kang anggun mriyayeni. Wanita iki pantese pra manggon ing desa adoh lor-kidul,pantese dadi wanita karier nyambutgawe ing kantor. Apa pancen wis mutung,amarga aku mblejani janji?
Titin: "Mesthine,jenengan lulus es- satu kae langsung takcekel ora sah ngenteni es-dua,kesuwen. Ah,witing tresna jalaran saka kulina. Aku pancen adoh. Bejane sing cedhak. Ora ana gunane geguritan katresnan lan es-em-es mbelgedhes!"
Titin: "Sawise ngenteni njenengan sing ora cetha kabare,aku nikah karo Carik. Sing njodohkake Pakdheku sing dadi lurah. Aku sering nyang Surabaya, kadhang ya karo bojo, kadhang ya ijen. Saliyane nglipur ati, aku ya usaha golek obat supaya duwe turun. Ning cen bojoku sing gabug. Rabi ping pindho ora duwe anak,"(tambahe kaya isih ana maneh sing arep diomongke)
Aku:"Apuranen aku Dhik,aku sing salah"(omongku)
Wong loro meneng sawetara.
Titin: "Mas...Cethane aku kepingin duwe anak karo njenengan"(tambahe nandhes)
Aku legeg, ora bisa kumecap.
Titin:"Mas neng hotel iki wis sumadhiya kamar kanggo sapatemon awake dhewe. Dudu bojoku ra papa,pokok sing penting bisa duwe turun karo priya sing biyen pancen taktresnani lahir-batin. Aku gelem ngeladeni njenengan",( omonge tanpa tedheng aling-aling)
Ah, wanita desa sing biyen kebak ewuh-pakewuh,saiki dadi sarwa blak-blakan blaka-suta. Gek jaman apa iki?
Titin:"Yen pancen kabotan ra apa, aku ora meksa. Gampang memgko aku golek priya liya,embuh sapa kono aku ora peduli"(tambahe nekad)
Aku kok kelingan lelakon nalika ningggalake Titin. Kuliah sing adoh ndakake aku kenalan karo adhike kanca kuliah. Wiwitane diajak dolan nyang omahe ing Waru Sidoarjo. Suwe-suwe dadi tuman. Aku sikenalke karo adhike sing dadi tenaga kerja honorer instansi pemerintah. Libur semester sing biasane aku mulih nyang Pacitan ngapeli Titin,dikanggo seneng-seneng karo Ninik,sing saiki dadi ibune Santi lan Toni.
Bener Titin, witing tresna jalaran saka kulina. Bar wisudha, let sawetara dina aku kudu ngadhepi kanyataan dadi manten, tutup buku mbukak terop. Bapak-Ibu duka ning ora bisa tumindak apa-apa. Ninik iya ayu,gaweane mapan,duwe pangarep-arep dadi pegawai tetap.
Titin:"piyee?"(pitakone maneh)
Aku meneng sawetara,aku kudu kukuh kaya pituture bapak swargi. Wong lanang kudu kukuh,kanyataan kudu diadhepi.
Aku:"Dhik,sepurane aku. Aku cidra ing janji",(omonganku alon)
Njur takteruske.
Aku:" Aja tumindak nekad, aja njegur kali Grindulu kang lagi banjir. Utawa ambyur ing segara kidul kang ombake jumlegur nggegirisi.Weningna pangalihmu.isih ana dalan liya. Akeh dalan kang bisa dilewati, percaya karo aku. Sakondure saka kene Dhik Titin bakal duwe momongan. Utawa yen pancen kepeksa, bisa ngathik putra angkat. Aja cidra ing kakung. Ngenani aku,pangapurane ora bisa nuruti kersa mu, amarga..."
Abot anggonku nerusake
Titin: "amarga apa mas?(Karo mandeng aku)
Aku kudu tatag,kudu mgomong,
Aku:"Sawise anakku sing kaloro lair, let sawetara wulan ibune cah-cah operasi miom lan ngangkat kandhungan. Kanggo tandha prasetya, aku ya njur nyusul operasi kang ora bisa duwe turun. Anak loro takanggep wis cukup. Wis ta ayo ndang kondur. Ayo ninggalake panggonan kang rasane kurang pas kanggo awake dhewe iki. Apuranen aku Dhik. Saiki ayo,"(tambahku ngarih-arih.
Tamu hotel ora dadi kawigatene. Swasana tidhem. Dheweke dhingkluk, luhe tumetes.










DIALOG CERKAK BAHASA JAWA



·         Nama     : Nur Asni Meilina
·         Kelas       : XII IPS 3
·         No.Abs.   : 24

SEPURANEN AKU TITIN
(Dening : Setyatama) 
 
         Ing sawijining dino nde omah e ibukke Widodo mari rewang nyunatne ponakan e
Babak 1
Widodo   : buk nyuwun pamit nggeh
Ibuk        : iyo le ati ati, lo Iki Santi karo Toni melu muleh, gak nginep kene ae ta
Widodo.  : Loh Senin niku sampun sekolah buk cah cilik cilik
Ibuk        : Oh Iyo ya le yowes ati ati, ojo lali suk liburan Desember aku wes kangen karo  
                 Santi lan Toni
Widodo  : Inggih Bu nyuwun pangestu
Babak 2
           Tekan panggonan travel penumpang wes akeh, ning isih podo lungguhan
Widodo  : Iki mengko budal jam piro mas?
Sopir      : Sekedap maleh mas, ngentosi penumpang saking cangkring
Widodo  : Jane jam sanga ta?, Iki wes jam sepuluh arepe Lo mas yen mundur terus tekan                   
                 Surabaya kawanen Lo
Sopir       : Nggeh pak sekedap maleh
Babak 3
Mari ngunu sopir nyedak i bos e sing nyekel gagang telpon
Sopir      : Pripun sak niki?
Bos         : Ntenono sedela paleng sue 10 menit, penumpang kon mlebu disik
Sopir      : Nggeh bos
Sopir      : mangga sedaya sami Munggah, wingking dipun lenggahi teng lenggahan rumiyin
Buk Siti  : Cepet pak, kok sue Yo anakku pengen Ndang muleh
Sopir      : Nggeh buk sabar nggeh
Buk Siti  : cepet to pak
Ing njobo bis
Babak 4
Widodo : Sak Niki pak?
Sopir      : Nggeh Monggo sampean mlebet mas

Babak 5
Marani bos
Sopir.   : Sak Niki?
Bos       : ayoh wes Ndang budal
2 karone banjir mlebu Elf. Elf bablas ngalor, Elf mlaku rada babter bareng byandak dalan makadam mlaku alon, menggok nengen Katon enek wong loro Lanang wadon ing cedake Sepeda motor keno setrong e lampu Elf sopir mudun.
Babak 6
Titin.      : Niki pak (ngekek ne tas e)
Sopir.     : Nggeh mbak (nampani tas)
Titin       : Matur suwun nggeh pak, Niki motor Kula mogok
Sopir      : Nggeh mbak sami sami, pon sampean Munggah rumiyin
Titin       : Nggeh pak
Babak 7
Ing Jero bis
Titin        : Mas Widodo ngali po lali ta?
Widodo  : Njenengan dek Titin putrane pak Dawan sing tak cedak Ki biyen
Titin      : bener, aku sing biyen sampean jarne sawentara taun kepungkur, pangapuntene mau awan ora bisa rewang gene bapak, kuwatir ketemu mbak yu
Widodo: Ora opo opo tin ( gang sue Titin turu ing pundak e Widodo)
Babak 8
Jam 12 an elf teko Caruban menggok ing restoran.Titin tangi mergo enek suara ibuk ibuk seng rame pengen ndang metu.
Titin       :  (tangi) mas
Widodo : Iyo tin
Titin.      : Teko Endi Iki mas?
Widodo : lagek teko Caruban Iki Tin
Titin.   : Neng Buri disik Yo mas!
Widodo : Iyo ayo
Babak 8
Ing njobo bis
Sopir.   : Monggo pak buk, maem nopo teng wingking rumiyin mengke 20 menitan budal maleh
(Widodo lan Titin lungguhan ing ngisor wit lan ngombe teh
Titin        : Iki mas Widodo (Karo ngewehne lembaran kertas)
Widodo   : Opo Iki Tin?
Titin         : sok senin yo mas tak enteni Ning panggon Iki (Karo ndudeng) Yen bisa sak durung e jam 1 janji Yo mas
Widodo.   : iyyo Tin aku janji
Titin         : Aku percoyo, sampean ora bakal mblenjangni sing kapeng Pindo
Widodo    : Titeni wae Tin, Endi seng teko disik
Babak 9
Krungu suara sopir bengok bengok Widodo lan Titin mbali mlebu Elf
Widodo : ayo Tin Bali Ning Elf sopir e wes bengkak bengok (Karo ngguyu)
Titin       : Iyo mas ayo
Titin lan Widodo  neng elf. Elf mlaku banter wes tekan kriyan Titin medun
Titin       : Mas Jo lali sok Senin ya (karo ngguyu mudun teko bis)
Widodo  : mesti Tin aku eling
Diiki Iki Dino Senin Widodo eling janjine gone Titin jam 12 an Widodo wis macak ngganteng, rambut klimis nganggor minyak wangi, nganggor klambi Anyar seng lagek dituku nde wingi sore kanggo nemoni Titin. Widodo budal jam 12 lueh 20 menyang alamat hotel seng diduduhi Titin.
Widodo teko hotel jam 1 kurang.
Babak 10
Widodo : Untung gurung telat, mesti Titin gurung teko hotel Iki (gremenge Widodo Alon, pas mlebu ing jerone hotel).
Titin       : Mas Widodo Rene Lo! (Karo ngawe)
Widodo : Lo Titin, tak kiro nak gurung teko sampean Tin (nyedak i Titin, Karo meringis)
Titin       : aku wes gak sabar ketemu sampean mas (Karo ngguyu)
Widodo  : iso ae Tin
Titin        : ditunjuk mas (ngewehi kopi senengane Widodo)
Widodo  : Iyo Tin, suwun ya Tin sek eling ae senenganku
Titin        :  hehe(ngguyu), wah sampean Jan Satria tenan, ora kleru pamilihe mbak yu
Widodo  : (mringis) iso ae Tin
Titin         : sakwise ntenteni sampean seng ora Ono kabare aku nikah Karo carik sing njodohne padheku sing dadi lurah. Aku sering Ning surabaya, sak liane nglipur ati aku Yo sambang Ning omah e bojoku. Kadang mbe bojoku kadang Yo ijen. Aku Yo golek obat supaya duwe turun Ning pancrn bojoku sing gabuk rabi ping Pindo ora duwe anak.
Widodo   : sepuranen aku ya Tin pancen aku sing salah
Titin         : mas cethane aku pengen duwe anak Karo sampean. Mas ning hotel Iki wis sumadya kamar kanggo sapatemon awakedhewe. Dadi bojoku rapapa pokok sing penteng bisa duwe turun Karo prolia seng biyen tau tak tresnani lair batin. Aku gelem ngladeni njenengan (nggenggem tangan Widodo). Yen pancen kabotan rapopo, aku golek pria Lia mboh sopo Kono aku ora perduli.
Titin        : piye?
Widodo  : Tin sepuranen aku. Aku cinta ing janji (Omongane alon, ngecolne tangan Titin)
Titin        : maksudmu opo mas?
Widodo  : aja tumindak nekad, aja njegur kali glindulu kang lagi banjir. Utawa ambyur ing segara kidul kang ombak e jumblegur nggregirisi. Weningna penggalihmu. Isih ana dalan liya. Akeh dalan kang busa diliwati, percaya Karo aku. Sak kondur e saka kene Tin bakal duwe momongan. Utawa Yen pancen kepekaan, bisa nganthik putra angkat. Aja cidra ing Kakung. Ngenani aku pangapurane aku ora bisa nuruti kersamu, amarga...
Titin       : amarga apa mas?
Widodo : sakwise anakku sing kalori lair, let sawentara Wulan ibune cah cah operasi miom lan ngangkat kandungan. Kanggo tanda prasetya, aku ya njur nyusul operasi kang ora bisa nduwe turun. Anak loro tak anggep wes cukup. Wis ta ayoh Ndang kondur. Ayo ninggalne panggonan kang rasane kurang pas kanggo awake dhewe Iki. Apuranen aku Tin sakiki ayo takdhereake kondyr Tin. Wis ta ayo.
Titin       : (mung iso ndingkluk Karo nangis)



                                                              ~Cuthel~




DIALOG CERKAK BAHASA JAWA JENGGES GUMPLUNG



Nama                   : Lusi Rendra Manggali
Kelas                   : XII-IPS 3
No.absen             : 19

JENGGES GUMPLUNG

UNSUR INSTRINSIK CERKAK JENGGES GUMPLUNG  MUBENG
Tema               : Kena jengges gumplumg mubeng
Alur                 : alur maju
Tokoh              : SITI               = Gampang terpengaruh
Juwariyah        = Sabar
                        Santosa            = sabar
                        Kyai                = sopan
Latar                : -Panggonan : omah, sumur , omah kyai
-Suasana : sedih ,nelangsa,
-Waktu: Sore,isuk,awan
Sudut pandang : wong ke 1
Amanat           : Kudu waspada anggone anganggo HP lan sosmed,kudu ngerti sebab akibat saka
HP lan sosmed amprie ora kapusan lan munculake cilaka awak e dewe.




DIALOG JENGGES GUMPLUNG MUBENG
BABAK  1
NARATOR: Wis rong sasi iki tingkah polahe siti nganeh anehi , remaja putri ngancik umur wolulas tahun iku katon surem cahyane
SITI: “ Mas sandi,mas sandi” ( uger lambene ngetokale swara mung ukara kui sing keprungu )
JUWARIYAH :”Sandi kui wong ndi ,Ti ?” ( takon juwariyah ,simbok e, siti ora mangsuli ,mung mesem kecut )
SANTOSA : “ Ganti klambi ya nduk “ ( clathu ngarih arih)
SITI : Emoh ! ( siti nyenggrang)
SANTOS : Nyangapa kok kowe ora gelem salin sandangan ?
SITI : Mas sandi !
SANTOSA : Mas sandi ? yagene Mas sandi?
SITI: “ Ra oleh ! “
SANTOSA : “Ra oleh pie ?”
SITI : “ Aku ora oleh ganti klambi ! “
SANTOSA : “ Ambumu penguk nduk “
SITI : “Mas sandi malah seneng sing penguk-penguk”
SANTOSA: ” Kok aneh “
SITI : “ Mas sandi pancen aneh “
SANTOSA: “ Adus,ganti klambi sing resik ,mambu wangi ,sandhangan sing suci,njur sholat nduk “
SITI : “Wegah !”
SANTOSA lan JUWARIYAH : “Sitiiii!!!!!!!!,( wong loro njerit bebarengan amergo siti arep nyemplung sumur)
SANTOSA : “ kepekso aku tumindak kasar nyang kowe,nduk ! “ Apurane aku ya ,nduk “

BABAK 2
NARATOR :Dhukun ,kyai ,wong pinter lan wong linuwih saka ngendi endi,nanging durung ana iso mareni siti, sawijining dina ,santosa krungu menaw ana tokoh agama kaloka sing ilmu ndonya-akhirate asmane kyai Sobari .
Kyai : “yoga njenegengan niku pancen kenging gora godhane jim saking kalimantan “
SANTOSA : “anak kulo dereng nate kesah dateng kalimantan ,kyai “ ( ucape santosa)
KYAI: “Dede perkawis awrat tumprap bangsa jim ngrisak gesangipun manungsa”
SANTOSA : “Maksudipun kados pundi,kyai ?”
KYAI : “ Bangsa jim niku ra awujud roh ,sanes badan kasar kados kita  menika ,dados menawi pingin mlimpat seganten utawi kesah datheng papan ingkang ewon kilometer tebihipun,mboten ngrekaos.bangsa jim saget pinda saking panggonan satunggal dhateng papan sehinggah pun kanthi cepet  sanget”
( santosa lan bojone mdomblong )
SANTOSA : “ OOOOO ,(ngowoh)
KYAI : “ Facebook,twitter,instagram,BBM,whatshsap,sedaya ingkang kula sebut kalawau perangan aplikasi ing salebetipun HP.
(Santosa lan juwariyah wis bisa ngira-ngira apa sing njalari siti nandang edan )
SANTOSA : “ Yoga kula kados mekaten niku keranten HP ,kyai ?”
KYAI:” Kulo kinten mekaten ,pak” sandy niku lare saking kalimantan?,” Leres “
BABAK 3
NARATOR : mitutur kyai sobari ,siti tepung sandi sepisanan kanthi ora sengaja lumantar facebook.sawise akrab ,sandy nelakake kepengin ngerabi siti .siti sekawite ora nulak .nanging bareng nganti yen sandy kuwi wong pedalaman kalimantan lan bedo agama ,siti banjur medot ubungan.sandy lara ati ,kanthi nyraya dhukun ngilmu ireng,sandy ngarah patine siti nganggo jengges gumplung mubeng .. tamat.